Thursday 15 October 2015

Curiga manjing warangka, warangka manjing curiga


Curiga manjing warangka, warangka manjing curiga

Tegese keris dilebokake wrangkane, wrangka keris dipasangake menyang kerise. Paribasan kasebut nggambarake patembayatan kang wis bisa trep, saengga ora dredah sulaya sajrone ngupadi katentreman lan karahayon. Paribasan iki umume ditujokake menyang para pemimpin (kang nduweni panguwasa) lan rakyat. Antarane sing mimpin lan sing dipimpin kudu bisa netepi jejere dhewe-dhewe lan uga kudu bisa mbangun patembayatan kang becik.
Seumpama pemimpin dipadhakake keris, dheweke kudu bisa njaga, ngayomi, menehi panguripan, lan katentreman marang rakyat. Suwalike, rakyat kang dipadhakake warangka kudu bisa ngrangkani (nyengkuyung) apa kang wis ginaris dening pemimpine. Kanthi anane patembayatan kang becik kaya mangkono mau, bakal kaleksanan apa kang dadi idham-idhamane masyarakat.

Artinya keris masuk ke dalam sarungnya, sarung keris dipasangkan pada kerisnya. Peribahasa ini menggambarkan hubungan ideal sehingga tidak terjadi konflik di dalam membangun ketenteraman dan kemakmuran. Peribahasa ini ditujukan kepada para pemimpin (yang berkuasa) dengan rakyatnya. Antara yang memimpin dengan yang dipimpin harus dapat melaksanakan peran masing-masing dan juga harus mampu membangun kerja sama yang baik.
Andaikan pemimpin diibaratkan dengan sebilah keris, dia harus bisa menjaga, mengayomi, menata, dan menghidupkan semangat rakyat agar mampu mewujudkan kehidupan yang lebih baik. Sebaliknya, rakyat yang diibaratkan dengan warangka (sarung keris) pun harus bersedia mendukung semua hal yang telah ditetapkan oleh para pemimpinnya. Dengan hubungan serta kerja sama yang baik seperti itu, akan terwujud segala sesuatu yang dicita-citakan oleh masyarakat.

No comments:

Post a Comment