Kocak Tandha Lokak
Tegese banyu ing sajrone wadhah yen digawa isih kocak
tandhane isih durung kebak. Sipat banyu pancen mengkono. Yen anggone madhahi
ora kebak dadi kocak, yen banyune kebak menceb dadi anteng. Paribasan iki
maknane memper paribasan Indonesia, yaiku Tong kosong berbunyi nyaring.
Wong kang ngelmu utawa kapribadene durung manteb tenan (durung kebak) malah
akeh omonge kanggo ndhelikake kekurangane. Dene wong yen wis mumpuni (kebak)
umume malah meneng anteng, akeh ndhingkluke kaya dene pari sing wis aos lan
tekan titi wancine dipaneni.
Tuladhane, bocah saka ndesa lagi wae nyambut gawe menyang
kutha. Nalika bali sepisanan tilik ngomah, tangga teparo akeh sing gumun. Awit
kahanane dadi malik grembyang. Anggone nyandhang menganggo, omongane kaya wong
pinter, polah tingkahe dadi malik grembyang. Ora mantra-mantra maneh yen meh
selawase taun dadi bocah ndesa. Miturut panganggepe tangga teparo, patrap kaya
ngono mau wagu. Paribasan banyu durung kebak tenan (isih lokak). Mula isih akeh
anggone kocak.
Kocak Tandha Lokak
Artinya di dalam suatu wadah apabila masih berbunyi, itu
tanda belum penuh. Sifat air memang begitu. Jika wadah tidak terisi penuh air,
akan berbunyi saat diguncangkan. Namun, jika wadah tersebut penuh dengan air,
saat diguncang keras pun air akan tenang tidak bersuara. Makna peribahasa ini
mirip peribahasa dalam bahasa indonesia yaitu Tong kosong berbunyi nyaring.
Orang yang ilmu dan kepribadiannya belum mantap (penuh) malah banyak bicara
untuk menyembunyikan kekurangannya. Adapun orang yang sudah mumpuni (penuh)
umumnya malah diam dan tenang, banyak menunduk ibarat padi yang berumur dan
sudah saatnya dipanen.
Contohnya, seorang pemuda dari desa baru saja bekerja di
kota. Ketika pulang lagi ke rumah untuk kali pertama, tetangga di kanan dan
kiri terheran-heran. Hal ini karena penampilan si penuda tiba-tiba jadi wah,
berubah drastis. Pakaiannya, gaya bicaranya selayaknya orang pandai,
gerak-geriknya, semua berubah. Tak terbayangkan lagi bahwa dia sudah dua puluh
lima tahun berada di desa. Menurut para tetangga, sikap seperti itu jadi
terkesan aneh dan menggelikan. Ibarat air, dia belum penuh benar. Maka bila
diguncang pun akan terdengar bunyinya.