Wednesday 27 January 2016

Kaya Suruh Lumah Kurebe Beda, Yen Gineget Padha Rasane

Kaya Suruh Lumah Kurebe Beda, Yen Gineget Padha Rasane


        Tegese wujud lan wernane godhong suruh perangan ngisor lan ndhuwur beda, nanging yen digeget rasane padha pedhese. Paribasan kasebut nggambarake kahanan sing wujude beda, nanging nduweni ancas tujuwan kang padha.
           Kejaba saka iku, paribasan iki uga sering kanggo nggambarake atut runtute wong bebojowan. Upama sing lanang pegawai negeri lan sing wadon dagang menyang pasar, nanging yen rembugan ngenani keluwarga, loro-lorone nduweni pikiran padha. Lambe atine mlaku bareng gegandhengan.

Kaya Suruh Lumah Kurebe Beda, Yen Gineget Padha Rasane
Kaya Suruh Lumah Kurebe Beda, Yen Gineget Padha Rasane

         Artinya seperti daun sirih yang bagian atas dan bawahnya memiliki warna dan bentuk berbeda, tetapi jika digigit sama pula rasanya. Peribahasa ini menggambarkan situasi yang berbeda, tetapi sesungguhnya memiliki kesamaan dalam banyak hal.
             Selain itu, peribahasa ini juga sering digunakan untuk menggambarkan kerukunan dan keserasian hubungan antara suami istri. Semisal sang suami bekerja sebagai pegawai negeri dan istrinya berdagang di pasar, tetapi kalau bicara dan membuat keputusan mengenai keluarga, dua-duanya memiliki pertimbangan yang sama. Pikiran dan ucapan keduanya selalu seiring sejalan.

Thursday 21 January 2016

Kaya Kali Ilang Kedhunge, Pasar Ilang Kumandhange

Kaya Kali Ilang Kedhunge, Pasar Ilang Kumandhange

Tegese kali kelangan kedhung paribasan kari dadi kalen, dene pasar ilang kumandhange ateges sepi ora ana wong tuku maneh. Unen-unen iki nggambarake wolak-waliking jaman. Biyen ana panganan kang dadi karemane wong akeh, saiki arang sing gelem ngicipi. Biyen ana adat sing diugemi banget dening masyarakat, saiki tata carane malik grembyang, adoh sungsate karo jaman sadurunge.
Contone, pagelaran wayang uwong. Ing jaman semono, pagelaran wayang wong dadi tontonan ing ngendi-ngendi. Ana paguyuban wayang wong Ngesti Pandhawa, Cipta Kawedhar, sing kawentar tekan ngendi-endi. Kutha-kutha ing tanah Jawa meh kabeh wis ditekani. Ananging, wiwit taun pitung puluhan, pagelaran wayang wong saya surut lan tekane saiki meh ilang babar pisan. Tontonan hiburan ganti televisi. Conto liyane, ndhisik saben rampung panen, kabeh desa nganakake slametan bersih desa. Ana sing nanggap wayang, jathilan, kroncong, utawa kesenian liyane. Saiki upacarane bersih desa prasasat wis ilang. Ngapa upacara bersih desa ora dianakake maneh, ana sing duwe panemu jare mboros-borosi. Tinimbang ropyan-ropyan luwih becik yen ana dhuwit kanggo nyukupi kebutuhan urip sing terus tambah.

Kaya Kali Ilang Kedhunge, Pasar Ilang Kumandhange

Kaya Kali Ilang Kedhunge, Pasar Ilang Kumandhange

Artinya seperti sungai yang kehilangam lubuk (kedalamannya), pasar kehilangan riuhnya. Sungai kehilangan kedalaman berarti tinggal menjadi parit, sedangkan pasar kehilangan riuhnya sama halnya dengan tak lagi dikunjungi pembeli. Peribahasa ini menggambarkan perubahan zaman. Misalnya, dahulu ada makanan yang menjadi kesukaan banyak orang, saat ini jarang yang mau meski sekadar untuk mencicipi. Dahulu ada adat tata cara yang dianut dengan ketat oleh masyarakat, tetapi sekarang berubah total, jauh berbada dengan nilai-nilai pada masa sebelumnya.

Contohnya adalah pergelaran wayang orang. Pada masa lalu, pertunjukan wayang orang menjadi tontonan favorit di setiap tempat. Ada kelompok wayang orang Ngesti Pandhawa, Cipta Kawedhar, yang tersohor sampai ke mana-mana. Hampir semua kota di Jawa pernah disinggahi. Namun, sejakk era ’70-an, pertunjukan wayang orang mulai surut dan sekarang nyaris lenyap sama sekali. Tontonan hiburan berpindah ke televisi. Contoh lain, dahulu setiap setelah panen semua desa mengadakan upacara bersih desa. Ada desa yang menanggap wayang kulit, jathilan, keroncong, atau kesenian lain. Sekarang upacara bersih desa juga seolah nyaris tinggal kenangan. Menurut pendapat sebagian kalangan, upacara bersih desa dianggap pemborosan. Daripada uang dihamburkan untuk menggelar upacara, lebiih baik digunakan untuk mencukupi kebutuhan hidup yang makin hari makin bertambah.

Kalah Cacak Menang Cacak

Kalah Cacak Menang Cacak
Tegese kalah utawa menang, kasil ora kasil, bakal dicoba. Paribasan iku nggambarake golong gilige tekad njajal ngayati pegaweyan sing durung ngerti kasil orane. Patrap kaya ngono dilakoni umume dening pawongan sing kepepet. Upamane kepeneran golek gaweyan, banjur ana sing nawani, ora ketang gaweyan mau durung nate dilakoni, tetep wae bakal disaguhi. Mula, yen ditakoni asile mengko kepriye, wong iku ora bisa mangsuli.
Unen-unen iki yen digatekake memper japa mantra. Wong sing sadurunge wedi utawa isih was-was nglakoni sawijining pakaryan, bareng wis muni: kalah cacak menang cacak banjur ora miyar-miyur meneh. Wong iku banjur madhep manteb, kasil orane, petungan mburi. Ora ketang durung tau nglakoni, kanthi anane kemanteban kaya mangkono, asile pakaryan uga ora muspra. Sithik akeh mesthi ono katone, samurwat karo anggone ngupayani.

Kalah Cacak Menang Cacak
Artinya kalah ataupun menang, berhasil atau gagal, tetap akan dicoba. Ini adalah ungkapan sikap orang Jawa ketika bertekad mencoba suatu pekerjaan (kegiatan) yang belum tentu bagaimana hasilnya. Umumnya, sikap demikian dijalani oleh mereka yang sedang terjepit keadaan. Misalnya kebetulan sedang mencari pekerjaan, lalu ada orang yang menawari pekerjaan. Meskpun pekerjaan tersebut masih asing baginya, tetap saja tawaran tersebut disanggupinya. Maka, jika orang itu ditanya hasilnya kelak bagaimana, dia tidak dapat menjawabnya dengan pasti.

Jika diperhatikan, peribahasa ini tidak ubahnya semacam mantera. Mereka yang sebelumnya masih takut-takut atau kurang yakin ketika hendak melaksanakan suatu hal, akan memperoleh kemantapan hati setelah mengucap kalah cacak menang cacak. Orang itu lalu mempunyai tekad yang bulat, berhasil tidaknya urusan belakangan. Kendati belum pernah melakukan pekerjaan tersebut, dengan adanya tekad tersebut, hasilnya pun tak akan sia-sia. Sedikit atau banyak pasti tampak, sebanding dengan perjuangan yang telah dilakukan.

Kaduk Wani Kurang Dedunga

Kaduk Wani Kurang Dedunga

Tegese kuwanen, nanging kurang petungan. Paribasan kasebut nggambarake wong kang kendel, kuwanene gedhe, nanging pikirane kethul, rasa panggraitane cethek. Wong kasebut kurang petung, senenge okol ora nganggo akal. Watak lan patrap kaya mangkono dianggep kurang prayoga, jalaran yen ketanggor ora wurung bakal kewirangan (kapitunan).
Contone ana sawijining pembalap motor. Gandheng biyasa balapan ing sirkuit, nalika mumpak sepedha motor neng tengah kutha disalip sithik wae banjur panas atine. Sing nyalip diuber. Ora ngertiya sing nyalip mau preman sing uga tukang kebut-kebutan. Tekan enggok-enggokan cedhak pasar, setange ora bisa dikuwasani, lan pungkasane pembalap mau nabrak becak. Tukange becak kontal semaput. Dheweke tiba ketindhihan sepedha motor. Raine babak bunyak, dhengkule mlengse. Loro-lorone digawa menyang rumah sakit.


Kaduk Wani Kurang Dedunga

Artinya terlampau berani, tetapi kurang perhitungan. Peribahasa tersebut untuk menggambarkan orang yang pemberani, percaya diri, tetapi otaknya tumpul, nalar dan rasionya dangkal. Orang tersebut kurang perhitungan, lebih suka memakai okol (kekuatan fisik) daripada akal dan kesehatan. Karakter dan sikap seperti ini dianggap kurang baik karena ada saatnya akan membawa pada kesialan.

Contohnya ada seorang pembalap. Lantaran biasa membalap di sirkuit, maka ketika naik motor di tengah kota, didahului saja ia langsung marah. Motor yang mendahului langsung dikejar. Tidak tahunya, orang yang mendahului juga preman jalanan tukang ngebut. Sampai di tikungan dekat pasar, si pembalap tidak dapat mengendalikan motornya, hingga akhirnya menabrak becak yang tengah melintas. Pengemudi becak yang malang terlempar lalu pingsan seketika. Si pembalap pun jatuh tertindih motor. Wajahnya babak belur, tempurung lututnya meleset dari tempat semula. Keduanya lalu dibawa ke rumah sakit.

Kadang Konang

Kadang Konang
Tegese sing diajeni (dianggep sedulur) mung wong sing duwe sipat kaya konang. Sanajan kewan cilik, nanging konang duwe zat pospor kang mapan ing awake, saengga katon nyremomong nalika saba bengi. Nduweni zat pospor mau diarani keluwihane konang, awit kewan-kewan liyane arang sing duwe.
Kadang konang mujudake sindiran kang ditujokake marang sapa wae kang seneng mbedak-mbedake anggone kekancan. Wong sing nduweni keluwihan dicedhaki, didadekake sedulur sinarawedi, dikurmati. Dene wong sing biyasa-biyasa, ora duwe keluwihan, didohi. Alesane, sing ora duwe keluwihan ora bakal nguntungake dheweke, beda karo sing duwe keluwihan. Miturut wong kasebut kekancan karo wong sing duwe keluwihan (sugih, pangkat, pinter) akeh untunge. Upama dheweke lagi kesusahan enggal nulungi, diutangi gampang, disambat sebuti ora nolak, diajak usaha bebarengan enggal tumandang, lan sapanunggalane.

Kadang Konang
Artinya yang dihargai (dianggap saudara) hanya yang seperti kunang-kunang (pada malam hari). Meskipun kunang-knang binatang kecil, kunang-kunang memiliki zat fosfor di dalam tubuhnya sehingga tampak bersinar ketika beterbangan di malam hari. Zat fosfor di dalam tubuh kunang-kunang dapat disebut sebagai kelebihan si kunang-kunang, karena tidak banyak binatang lain yang memilikinya.

Kadang konang adalah ungkapan yang ditujukan kepada siapa pun yang suka membeda-bedakan orang atau sanak kerabatnya. Artinya, mereka yang memiliki kelebihan didekati, dijadikan saudara, diperhatikan, dihormati. Adapun mereka yang biasa-biasa saja, tidak menonjol, dijauhi. Pasalnya, menurut orang-orang tersebut orang yang tidak memiliki kelebihan tidak dapat mendatangkan keuntungan, sedangkan apabila berteman dengan orang yang memiliki kelebihan (kaya, berkuasa, pandai) banyak manfaatnya. Mereka akan mudah dimintai bantuan, mudah dijadikan tempat mengadukan kesulitan hidup, mudah diajak bekerja sama membangun usaha, dan sebagainya.

Friday 1 January 2016

Kacang Mangsa Ninggala Lanjaran

Tegese kacang lanjaran ora bisa ninggal lanjaran. Paribasan iki diangkat saka kasunyatan, menawa kacang lanjaran ora bisa tuwuh becik lan awoh yen ora dilanjari. Awit yen ditogake, tuwuhe mesthi nlosor ing lemah, saengga kurang sampurna wetune kembang lan uwoh.

Paribasan iki ditujokake marang anak sing aten-atene ala, memper wong tuwane.

Kacang Mangsa Ninggala Lanjaran artinya

Kacang Mangsa Ninggala Lanjaran

Artinya pohon kacang panjang tak mungkin meninggalkan turus yang jadi tempatnya merambat. Peribahasa ini diambil dari kenyataan bahwa kacang panjang tidak bisa tumbuh dan berbuah dengan baik tanpa turus tempatnya memanjat. Sebab, apabila dibiarkan tumbuhnya akan melata di tanah sehingga pembungaan dan pembuahannya kurang sempurna.


Peribahasa ini ditujukan kepada anak yang berperangai buruk, mirip orang tuanya.

Jer Basuki Mawa Beya

Tegese kanggo mujudake idham-idhamane, manungsa perlu ngetokake ongkos utawa pangorbanan sing samurwat. Sing dikarepake ongkos utawa pangorbanan ora mung awujud bandha donya, nanging uga sing magepokan karo patrap lan batin. Kayata, nyambut gawe tumemen, jujur, sabar, lan sapanunggalane. Tegese ora ana gegayuhan bakal kaleksanan yen mung dilakoni kanthi ongkang-ongkang.


Sing baku unen-unen iki aja diplesetake, jalaran nggegegi paribasan iki. Tegese, mbenerake sadhengah cara utawa rekadaya kang salah sajroning mujudake gegayuhan. Contone kepengin enggal sugih banjur wani kendel korupsi, nyogok mrana-mrene amrih lancar dalane.


Jer Basuki Mawa Beya artinya
Jer Basuki Mawa Beya

Artinya untuk mendapatkan apa yang dicita-citakan, manusia senantiasa memerlukan biaya (ongkos) maupun pengorbanan yang sebanding. Biaya atau pengorbanan di sini tidak hanya berupa harta benda, tetapi juga “ongkos perbuatan” dan “ongkos batin”. Misalnya kerja keras, sikap jujur, sabar, dan sebagainya. Artinya, tak ada cita-cita yang dapat dicapai hanya dengan berpangku tangan.


Hal yang terpenting, peribahasa ini jangan diputar balik, hanya dengan menelan entah-mentah artinya. Maksudnya, membenarkan perbuatan salah demi mewujudkan cita-citanya. Contohnya, ingin cepat kaya kemudian berani korupsi, menyuap sana-sini, untuk melicinkan usaha yang ditempuh.

Jati Ketlusupan Ruyung

Tegese kayu jati ketlusupan ruyung (serat glugu utawa wit aren). Kayu jati kawentar atos lan becik kanggo dandanan. Mula kayu jati iku regane larang. Ruyung yaiku serat glugu utawa wis aren sing kepetung landhep. Rupane ruyung soklat ireng kaya sungu.

Kayu jati didadekake lambang wong becik, dene ruyung simbol tumindak kang ala. Dadi paribasan iki nggambarake kepriye kedadeyane menawa wong kang sajege urip tumundak becik, dadi nemahi cilaka jalaran ana pawongan sing gawe piala marang dheweke. Arepa kabecikane mau tumpuk undhung, diajeni wong akeh, nanging tetep nandhang kapitunan gedhe jalaran kahanan mau.

Jati Ketlusupan Ruyung tegese
Jati Ketlusupan Ruyung artinya








Jati Ketlusupan Ruyung

Artinya kayu jati tertusuk serat kayu pohon kelapa atau enau (aren). Kayu jati terkenal keras dan bagus sebagai bahan bangunan. Oleh karena itu, kayu jati harganya pun mahal. Adapun ruyung adalah serat pohon kelapa atau enau yang cukup tajam. Ruyung warnanya coklat kehitaman seperti tanduk.
Kayu jati merupakan simbol orang berperilaku baik, sedangkan ruyung simbol perilaku jahat. Jadi peribahasa ini menggambarkan bagaimana seseorang yang seumur hidupnya berkelakuan baik menerima penderitaan karena ada orang yang berbuat jahat kepada dirinya. Meskipun kebaikannya tidak terhitung lagi, sangat dihormati orang, tetapi pada kenyataannya ia tetap saja menderita karena kejadian tersebut.

Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani

Tegese mapan ing ngarep menehi conto (patuladhan), mapan ing tengah menehi panjurung, mapan ing mburi menehi pitutur lan njaga keslametan sakabehe. Unen-unen iki ditemokake dening Ki Hajar Dewantara. Wiwitane unen-unen kasebut mung ditujokake kanggo para pamong (guru) pawiyatan Taman Siswa. Ananging pungkasane unen-unen kasebut sumebar dadi gegebangane para pemimpin, guru, wong tuwa, lan sapa wae kang rumangsa jejibahane ngesuhi wong akeh.
Sapa kang mapan ana ngarep mesthi dadi kawigatene uwong. Mula saka iku, patrap pocapane kudu bener lan pener supaya kena kanggo conto jalaran bakal ditiru dening wong akeh.
Mapan ing satengahing wong akeh bakal ngerti kepriye idham-idhaman lan polah tingkahe masyarakat. Mula, ana kurang lewihe kudu bisa menehi kekuwatan lan panjurung murih panguripane masyarakat tambah becik.

Mapan ing mburi kita bakal ngerti apa kang wis kelakon. Ngerti bener lupute. Mula kita kudu bisa menehi sesuluh lan arahan sing gumathok. Kejaba saka iku, kita kudu bisa njaga murih slamet sakabehe.


Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani

Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani

Peribahasa ini berasal dari semboyan yang digali oleh Ki Hajar Dewantara dan ditujukan kepada guru, orang tua, dan pemimpin yang artinya di depan memberi suri-tauladan, di tengah mendorong (membangun) karsa (semangat), di belakang mengikuti sambil mengoreksi dan menjaga keselamatan semuanya. Semula semboyan ini lebih ditujukan kepada pamong (guru) di lingkungan Taman Siswa, tetapi akhirnya meluas menjadi acuan para pemimpin, guru, orang tua, serta siapapun yang pekerjaannya berkaitan dengan orang banyak.
Siapa pun yang berada di depan, pasti menjadi fokus perhatian. Oleh karena itu, harus menjaga perilakunya karena mungkin akan ditiru orang (menjadi contoh bagi orang lain).
Ketika dia berada di tengah (di antara banyak orang) akan mengetahui, mendengar, dan merasakan banyak hal yang berhubungan dengan komunitas tersebut. Oleh karena itu kita harus memotivasi dan menyemangati agar mereka dapat mewujudkan kehidupan yang lebih baik.

Ketika dia berada di belakang, akan mengetahui banyak hal yang telah terjadi. Tahu mana yang benar dan mana yang tidak benar, yang tepat dan meleset. Oleh karena itu kita harus bisa memberikan arahan yang jelas dan tepat. Selain itu, kita juga harus bisa menjaga keselamatan semuanya.