Saturday 26 March 2016

Lambe Satumang Kari Samerang


        Tegese lambe sakandele tumang sidane mung kari samerang. Yen dionceki, lambe kandel satumang mono ora ana. Banjur kepriye kok lambe kari samerang uga mokal banget? Mula, gegambaran lelorone mau mung mujudake perlambang. Lambe satumang maknane lambene wong tuwa (para winasis) kang nyimpen pitutur ora karuwan cacahe. Dene sing diarani lambe kari samerang, wong tuwa rumangsa kentekan rembug, kentekan pitutur, awit sing dituturi babarpisan ora nggatekake.
      Ndhisik paribasan iki kerep diucapake wong tuwa sing jengkel, jalaran anake dituturi ora manut. Pitutur sing diwenehake prasasat mlebu kuping kiwa, metu kuping tengen. Tegese, mung liwat. Siji-sijiya ora ana sing nyanthol. Dikandhani nrithil, semaure iya, inggih. Nanging inggih-inggih ora kepanggih. Contone dikandhani aja turu awan, turunr pindah menyang kebon. Diajari makarya, malah lunga dolan omahe kanca nganti sore. Kamangka dheweke iku bocah lanang, gek wis diwasa pisan. Yen ngalami kaya ngono, karo setengah muring sing jeneng wong tuwa sok grenengan dhewe: “Bocah kok ngentekake lambe. Lambe satumang kari samerang . . . .”

Lambe Satumang Kari Samerang

      Artinya bibir setebal tumang (ganjal bibir dapur) tinggal setebal merang (gagang padi). Kita tahu bibir setebal ganjal bibir dapur tentu tidak ada. Demikian pula, bibir yang tinggal setipis gagang padi juga mustahil adanya. Maka, kedua gambaran tersebut hanya merupakan perumpamaan. Bibir setebal tumang berarti bibir atau lisan orang tua yang berisi nasehat yang tidak terhitung banyaknya. Adapun yang dimaksud bibir tinggal setebal gagang padi yaitu orang tua merasa kehabisan kata-kata, kehabisan nasehat, dan anak yang diberi nasehat tidak menaatinya.

        Dahulu peribahasa ini sering diucapkan oleh orang tua yang jengkel karena nasehat-nasehatnya hanya dianggap angin lalu oleh anaknya. Seluruh nasehat yang diberikan ibarat masuk di telinga kiri, keluar lewat telinga kanan. Semuanya hanya lewat. Tidak satu pun nasehat yang singgah di kepala. Dinasehati, jawabannya memang selalu “Ya”. Akan tetapi, “ya” tersebut hanya berhenti sebatas kata-kata. Misalnya dilarang tidur siang, tidurnya pindah ke kebun. Diajari bekerja, malah pergi berkunjung ke rumah teman sampai sore hari. Padahal, yang bersangkutan adalah anak laki-laki, yang sudah dewasa pula. Bila mengalami kejadian demikian, dengan setengah memaki, kadang para orang tua menggerutu. “Bocah kok ngentekake lambe. Lambe satumang kari samerang . . . .”

Kuntul diunekake dhandhang, dhandhang diunekake kuntul

Kuntul diunekake dhandhang, dhandhang diunekake kuntul

            Tegese cetha-cetha manuk kuntul kok diarani manuk gagak, dene manuk gagak malah diarani manuk kuntul. Sejatine mbedakake manuk kuntul lan manuk gagak iku gampang. Wujude, wulune, pangane, sabane, kabeh beda, babar pisan ora ana empere. Tuladhane, manuk kuntul wulunw putih, manuk gagak wulune ireng. Manuk gagak pangane woh-wohan, manuk kuntul panganane iwak utawa cacing. Manuk gagak sabane tekan ngendi-endi, manuk kuntul mung sakiwa tengene sawah utawa kali. Mula, yen nganti manuk kuntul diunekake manuk gagak, utawa manuk gagak diarani manuk kuntul, mesthi sing ngomong mau duwe karep kang nyalawadi.
            Sapa wae kang duwe patrap kaya dene paribasan iki cetha yen mengku karep kang dudu sabenere. Awit anggone kandha ora adhedhasar kasunyatan. Manuk kuntul lan manuk gagak mung didadekake pralambang, lan sing dituju dudu manuk kuntul lan gagak mau, naning sawijining kahanan kang sengaja digawe wadi (didhelikake). Kanthi mengkono, maknane paribasan iki ora liya mujudake pocapan kang ngemot sandi.

Kuntul diunekake dhandhang, dhandhang diunekake kuntul

Artinya sudah jelas burung bangau kok dikatakan burung gagak, sedangkan burung gagak malah dikatakan sebagai burung bangau. Sebenarnya, membedakan antara burung bangau dengan burung gagak itu mudah. Bentuk, warna bulu, dan makanannya, semua berbeda, sama sekali tidak ada yang sama. Contohnya, burung bangau berbulu putih, burung gagak berbulu hitam. Burung gagak memakan buah-buahan, burung bangau memakan ikan atau cacing. Burung gagak berkeliaran ke mana-mana, burung bangau hanya di sekitar sawah atau sungai. Oleh karena itu, jika burung bangau sampai dikatakan sebagai burung gagak atau burung gagak disebut sebagai burung bangau, pasti orang yang mengatakan itu mempunyai maksud-maksud tertentu yang mencurigakan.

Siapa pun yang bersikap seperti gambaran di peribahasa ini, jelaslah dia membawa niat yang tidak wajar. Karena dia berkata tidak berdasarkan kenyataan. Burung bangau dan burung gagak hanya dijadikan simbol atas hal-hal tertentu, sedangkan yang dimaksud sesungguhnya bukanlah burung bangau dan burung gagak tadi, melainkan hal-hal yang sengaja dirahasiakan. Dengan demikian, makna peribahasa ini tak lain hanya merupakan ucapan yang mengandung sandi.

Kriwikan dadi Grojogan


            Tegese ilining banyu sing maune cilik kemriwik pungkasane dadi grojogan gedhe. Gegambaran iki diangkat saka kasunyataning alam. Sumber banyu kang mapan ing gunung mesthi cilik. Kadang kala sumber banyu mau mung wujud blumbang. Sabanjure sumber banyu mau mili dadi kalen, terus saya gedhe lan saya gedhe. Pungkasane dadi amba lan yen banjir bisa nuwuhake brahala.
Unen-unen iki ngemot gambaran lan uga pitutur. Pakara ing donya mesthi wiwit saka cilik lan ora ndrawasi. Ananging yen diuja, ditogake, bakal nuwuhake prastawa gedhe; kayadene grojogan. Sapa ngira yen banjir bandhang utawa grojogan mau asale mung saka blumbang apadene kriwikan ing perenge gunung? Coba yen wis dadi grojogan, sapa sing bisa nglangi ing sajroning ulegan mau? Maknane paribasan iki ora adoh saka: “kemladheyan ngajak sempal”. Yen duwe bibit prakara enggal wae dirampungi. Aja malah diendhe-endhe. Ora wurung yen wis dadi grojogan, sapa wae sing ketaman bakal nemahi kasangsaran kang ora karuwan gedhene.

Kriwikan dadi Grojogan

Artinya aliran air yang kecil menjadi air terjun yang besar. Peribahasa ini diangkat dari realitas alam yaitu bahwa sumber air di gunung panti kecil. Kadang hanya sebesar kolam, tetapi kemudian mengalir jadi parit, lalu membesar dan terus membesar. Akhirnya, sumber yang kecil itu meluas dan bila banjir tiba dapat membawa musibah besar.

Peribahasa ini memuat gambaran sekaligus nasehat. Pada hakekatnya, masalah di dunia bermula dari yang kecil, sepele, dan tidak membahayakan. Namun, apabila dibiarkan dan didiamkan, ia akan memunculkan persoalan besar sebagaimana air terjun. Siapa yang mengira bahwa banjir atau air terjun sebenarnya Cuma berasal dari kolam atau parit kecil di lereng gunung? Coba kalau sudah jadi air terjun, siapa yang bisa berenang disana? Makna peribahasa ini tidak jauh dengan kemladheyan ngajak sempal. Maka, setiap kali mempunyai bibit perkara sebaiknya segera dibereskan. Jangan malah dibiarkan berlarut-larut. Sebab, kalau sudah membesar, siapa pun yang terkena akan mendapatkan petaka yang sangat menyengsarakan.