Wednesday 21 September 2016

Mburu uceng kelangan deleg

Tegese ngeboti barang kang kepetung cilik lan ora mbejaji, sidane kelangan darbeke sing gedhe ajine lan migunani. Paribasan iku nggambarake wong kang kepilut dening barang utawa kahanan kang sejatine remeh-remeh, banjur anggone ngupadi tenanan lan ninggal kaprayitnan. Ora ketang sing diimpi-impi mau kaleksanan, nanging tomboke uga gedhe. Kepeksa kelangan (ngorbanake) barang darbeke sing banget migunani.
Yen dijlentrehake, unen-unen iki gambarane mangkene. Ana uwong mancing ing kali. Sejatine anggone mancing wis entuk akeh, ana lele, sepat, mujair, lan wader. Ananging uwong mau durung marem. Dheweke durung trima, awit meruhi uceng rada gedhe slira-sliri sajak ngawe-awe. Cilakane, bareng arep dipancing uceng mau malah ngadoh. Diburu menyang papan liya, uceng nglali ngadoh. Saking ngebete, ora sranta kali disrabangi. Ora ngertiya ing dhasare kali ana carang pring ori. Bareng kepidak, wong iku pringisan karo sikile diangkat. Gandheng setengah kaget, anggone ngangkat sikil rada kesusu. Mula oleh-olehane wong iku iya mung kepleset kecegur kali, kamangka iline lumayan santer. Iwak serenteng kontal, keri mbandhang ora bisa ditututi. Karo mentas, yen isih ngenggoni Jawane, dheweke mesthi kelingan paribasan iki: mburu uceng dadi kelangan deleg.



Mburu uceng kelangan deleg tegese

Mburu uceng kelangan deleg

Artinya memburu uceng (ikan kecil berbentuk seperti lele, berwarna hitam), tetapi malah kehilangan tongkat untuk menyebrangi sungai atau mengejar sesuatu yang sepele dan tidak berharga. Akibatnya, kehilangan miliknya yang jauh lebih berharga dan bermanfaat. Hal ini adalah gambaran orang yang terpukau pada hal yang sebenarnya remeh belaka dan memburunya dengan meninggalkan kehati-hatian. Walaupun apa yang diidamkan tadi tercapai, tetapi kerugian lebih besar.

Contoh konkret kisah dalam peribahasa ini, misalnya ada seseorang memancing di sungai. Sebenarnya hasil memancingnya lumayan banyak, ada ikan lele, sepat, mujahir, dan wader. Namun orang itu belum merasa puas karena ia melihat ikan uceng agak besar berlalu lalang seolah menggoda orang itu. Sialnya, begitu hendak dipancing, ikan itu malah menjauh. Dikejar di sini, ikan tersebut berenang ke tempat lain. Dikejar ke sana, ikan tersebut pindah ke tengah. Tidak tahan dipermainkan seperti itu, sungai pun ia sebrangi. Tidak tahunya di dasar sungai ada ranting-ranting bambu duri. Begitu duri tersebut terinjak, orang itu meringis kesakitan dan kakinya diangkat. Karena kaget itulah ia mengangkat kaki dengan ceroboh. Ia terpeleset, lalu serta merta tercebur ke sunai, padahal arusnya lumayan deras. Ikan serenteng yang ditenteng terlempar, hanyut terbawa arus tidak terkejar lagi. Apabila karakter kejawaan orang tersebut masih kuat, sambil naik menuju darat ia pasti segera teringat peribahasa ini: Mburu uceng kelangan deleg.

Manungsa winenang ngundi, purba wasesa ing astane Gusti



Tegese manungsa mung bisa nyenyuwun lan mbudidaya, kasil orane kabeh gumantung saka kersane Gusti Kang Maha Kuwasa. Unen-unen iki mujudake salah sijine bukti menawa wong Jawa tansah eling menyang Gusti kang paring urip. Wong iku tansah nduweni kapitayan ngenani sangkan paraning dumadi adhedhasar ajaraning agama sing dianut.
Kapitayan kayadene sing kawedharake dening paribasan iki isih mbalung sungsum tumrap wong Jawa. Senadyan mbok menawa lali unen-unene, nanging wawasan lan patrape tansah ngugemi ajaran mau. Buktine akeh paribasan liya kang sejatine ana sambung rapete karo ajaran iki. Contone alon-alon waton kelakon, kebat kliwat, ngangsa marakake brahala, sabar-subur, ana dina ana upa, ora obah ora mamah. Kanthi mangkono, cetha menawa wong Jawa ora nate ninggalake pranatan batin kang wis ngoyod wiwit jaman kuna makuna. Kaya ta paribasan iki, obah osiking ngalam donya ana sing nata. Ananging manungsa iku uga dudu wayang. Dheweke diparingi akal budi, saengga bisa ngerteni apa kang ora dingerteni makhluk-makhluk liyane. Contone, sepira anggone ndhandha menawa uripe manungsa iku mung saderma, lan kabeh gumantung saka Kang Gawe Urip, kayadene sing kacihana ing paribasan iki.

Manungsa winenang ngundi, purba wasesa ing astane Gusti

Manungsa winenang ngundi, purba wasesa ing astane Gusti

Artinya manusia hanya bisa berdoa dan berusaha, berhasil tidaknya semua tergantung kehendak Tuhan Yang Mahakuasa. Peribahasa ini merupakan salah satu bukti bahwa orang Jawa selalu ingat kepada Tuhan Sang Maha Pemberi Hidup. Orang Jawa selalu memiliki kepercayaan mengenai asal mula keberadaan diri mereka dan tempat mereka bergantung, berdasarkan ajaran agama masing-masing.

Kepercayaan seperti dalam peribahasa ini masih mendarah daging dalam kehidupan oeang-orang Jawa. Meskipun lupa kalimatnya yang benar, pengetahuan dan perilaku keseharian mereka selalu setia dengan ajaran tersebut. Terbukti, banyak peribahasa lain yang terkait dengan peribahasa ini. Misalnya, alon-alon waton kelakon, kebat-kliwat, ngangsa marakake brahala, sabar subur, ana dina ana upa, ora obah ora mamah. Dengan demikian, jelaslah bahwa orang Jawa tidak pernah meninggalkan religiusitas yang sudah mengakar sejak zaman nenek moyang. Contohnya peribahasa ini, yang berarti kesadaran bahwa segala denyut kehidupan di dunia ini ada yang mengatur. Walaupun begitu, toh manusia bukan wayang. Mereka dibekali akal budi sehingga mampu mengetahui banyak hal yang tidak diketahui oleh makhluk-makhluk lain. Contohnya, bagaimana memunculkan kesadaran bahwa kehidupan manusia itu semata-nata tergantung kepada Sang Pencipta, seperti termaktub dalam peribahasa ini.

Manjing Ajur-ajer

Tegese ambyur nyawiji menyang ombyaking masyarakat. Maknane, urip ing satengahe bebrayan ora kena nggugu karepe dhewe, nanging kudu ngumumi apa kang dadi adat tata cara ing papan kono. Tanpa bisane nyawiji menyang ombyaking wong akeh, anggone urip ing kono prasasat lumut tuwuh ing sanduwure watu. Yen rendheng urip, yen ketiga mati garing.
Gegambarane manjing ajur-ajer kayadene kumpule iwak, yuyu, anggang-anggang, lan kewan-kewan banyu liyane menyang kali. Kabeh kewan iku ora padha, nanging urip sayuk rukun. Kabeh kewan iku golong gilig mangun patembayatan selawase. Samubarang sing padha dicakake padha, sing beda digawe pasren reroncen maneka werna murih rengenging kahanan. Kanthi mengkono, sesrawungan siji lan sijine bakal gayeng, raket supeket, prasasat sedulur sinarawedi. Semono mau awit siji lan sijine bisa manjing ajur-ajer, momor-momot, nggendhong nyunggi wong liya kayadene awake dhewe.

Manjing Ajur-ajer

Artinya menyatu dan menyesuaikan diri dengan lingkungan. Maknanya, untuk hidup di tengah masyarakat tidak boleh menuruti kemauan sendiri, tetapi harus mengikuti adat dan tata cara setempat. Tanpa berhasil menyatu dengan lingkungan, hidup tidak ubahnya lumut di atas batu. Pada musim hujan tumbuh menghijau, pada musim kemarau kering kerontang.

Peribahasa ini dapat diandaikan sebagaimana ikan, kepiting, anggang-anggang, dan binatang-binatang air lainnya yang dihup di sungai. Meskipun semua binatang itu berbeda, tetapi selalu damai. Semua seiya sekata membangun komunitas yang serasi sepanjang waktu. Semua yang sama dilaksanakan bersama-sama, yang berbeda dijadikan semacam karangan bunga guna menyemarakkan suasana. Dengan demikian, pergaulan satu sama lain akan terjalin dengan hangat, rekat, ibarat saudara sedarah daging. Hal yang demikian bisa terjadi karena satu sama lain bisa manjing ajur-ajer, momor-momot, menggendong, dan mendukung orang lain seperti halnya menggendong dan mendukung diri sendiri.