Gusti Allah
Ora Sare
Tegese Gusti
priksa saparipolahe manungsa, uga laku jantrane jagad saisine. Pitutur kang
ngelingake supaya kita ora kendhat nyuwun pitulungan lan pangayoman marang
Gusti Kang Akarya Jagad. Kejaba saka iku, aja gampang-gampang tumindak salah
(dosa), awit Gusti ora sare. Apa sing durung kocap, sing sumimpen sajroning ati
lan sing jeneng wewadi Panjenengane priksa sakabehe.
Manungsa urip
ing alam donya diparingi kalodhangan sing amba dening Gusti Allah. Paribasan
apa sing ginayuh bakal kelakon. Ananging kita kudu tansah ngati-ati, jalaran
kabeh tumindak bakal kecathet dening Kang Murbeng Dumadi.
Gusti Allah
Ora Sare
Artinya Tuhan
tidak tidur atau Tuhan melihat semua tingkah manusia, juga gerak alam semesta
seisinya. Inilah nasehat yang mengingatkan kita agar tidak henti memohon
pertolongan dan perlindungan Tuhan Pencipta Alam. Di samping itu, kita juga
jangan gampang berbuat salah (dosa) karena Tuhan tidak tidur dan pasti tahu
semua yang terjadi di dunia ini. Apa pun yang belum terucap, tersembunyi di
dalam hati, juga semua rahasia kita, Tuhan tahu semuanya.
Manusia hidup
di dunia diberi kebebasan seluas-luasnya oleh Tuhan. Ibarat apapun keinginannya
dapat tercapai. Namun, kita harus selalu berhati-hati karena seluruh perbuatan
diketahui dan dicatat oleh Sang Pencipta.