Wednesday 14 October 2015

Bener luput, ala becik, begja cilaka, hamung saking badan priyangga


Bener luput, ala becik, begja cilaka, hamung saking badan priyangga


Tegese salah bener, ala becik, begja cilaka, kang dialami manungsa gumantung saka tumindake (pokal gawene) dhewe-dhewe. Miturut paribasan iki, saben kahanan kang dialami manungsa, wong liya mung mujudake srana ngganepi murih kahanan mau dadi prastawa.
Contone, murid sing rumangsa bodho umume kerep nyalahake gurune. Jare sing ngene sing ngono. Anggone mulang ora becus, anggone nerangake ruwet, basane angel, seneng nyetrap, lan sapanunggalane. Yen ditlusur nganggo unen-unen iki, cetha wela-wela menawa alesan mau mung digawe-gawe. Awit nyatane bocah sakelas ora kabeh bodho. Akeh sing pinter lan malah sawise ujian ana sing dadi juwara sekolah.
Bocah dadi bodho utawa pinter, dudu jalaran gurune pinter mulang utawa ora. Ananging bocah pinter iku gumantung anggone sinau, tekun, tumemen, tlaten, gelem takon wong liya apa ora. Tegese yen anggone sinau mung waton, diwulanga guru sing pintere sundhul langit, undhake kapinteran uga ora sepiraa. Saya maneh bocah sing kesed maca, sinau mung sarat, mbolosan, dolane karo bocah-bocah ora genah, pungkasane sing dadi isen-isening sirah dudu ngelmu, nanging lamunan ngambrawara nganti tekan tuwa.

Artinya benar salah, baik buruk, beruntung celaka, asalnya dari diri sendiri. Menurut peribahasa ini, dalam setiap keadaan yang dialami manusia, lebih merupakan hasil perbuatannya sendiri. Orang lain hanyalah sarana pelengkap untuk terwujudnya keadaan tersebut,
Misalnya saja siswa yang merasa bodoh cenderung suka menyalahkan gurunya. Mereka beranggapan guru tidak pandai mengajar, penjelasannya sulit diterima, bahasanya rumit, suka marah, dan sebagainya. Padahal jika direnungkan, alasan-alasan itu hanyalah dibuat-buat saja. Toh di kelas itu tidak semua murid bodoh. Banyak juga murid yang pandai, bahkan setelah ujian ada yang menjadi juara sekolah.
Bodoh tidaknya seorang anak bukan tergantung pandai tidaknya guru dalam mengajar, melainkan tergantung dirinya sendiri, tergantung usahanya masing-masing. Seorang anak belajar rajin atau tidak, mengikuti pelajaran dengan sungguh-sungguh atau tidak, dan sebagainya. Seandainya bersekolah hanya asal-asalan, diajar oleh guru sebagus apa pun prestasinya tetap saja tidak seberapa. Apalagi jika anak tersebut malas membaca, belajar semau-maunya, suka bolos, berteman dengan anak-anak berandalan, akhirnya yang menjadi isi kepala hanya angan-angan kosong belaka.

No comments:

Post a Comment