Sunday 27 September 2015

Anak Polah Bapa Kapradah, Bapa Kesulah Anak Kapolah


                   Tegese saparipolahe anak dituruti wong tuwa, anak duwe perkara, wong tuwa melu nyangga. Paribasan iki nggambarake kaya ngapa gedhene katesrane bapa (wong tuwa) marang anak. Nganti sakabehe panjaluke anak, embuh kepriye carane si bapa (wong tuwa) bakal menehi (ngleksanani).

Anak Polah Bapa Kapradah, Bapa Kesulah Anak Kapolah            Paribasan iki kerep kanggo nyindir (nyatur) wong-wong tuwa sing seneng nguja marang anak. Apa kang dadi panjaluke anak, embuh apik embuh ala, gawe repot apa ora, iya bakal dileksanani. Kamangka, dheweke uga ngerti yen sejatine kekarepane si anak mau kurang becik. Saliyane iku paribasan iki uga ngemot pitutur marang wong tuwa sing angel nglurusake panjaluke anak. Awit yen ngelingi jejering wong tuwa, gelem ora gelem kudu melu tanggung jawab ngentheng-enthengi bot repote si anak.
           Dene candhake lan walikane paribasan iki bapa kesulah anak kapolah tegese wong tuwa kang gawe repote anak. Contone, Pak Naya uripe sengsara, bandhane ludhes didoli kanggo main kertu. Ora ketang anggone nandhang kaya ngono jalaran polah tingkahe dhewe sing kurang prayoga, gelem ora gelem anake kepeksa cawe-cawe, ngentheng-enthengi bot-repote Pak Naya. Awit, kepriyea wae Pak Naya wong tuwane, ala becike wong tuwa si anak mesthi kegawa-gawa.

          Artinya setiap anak mempunyai permintaan, bapak (orang tua) cenderung akan meluluskannya, ketika orang tua mempunyai masalah anak ikut membantunya. Peribahasa ini menggambarkan betapa besar kasih sayang orang tua kepada anaknya. Hingga setiap kali si anak memiliki keinginan, entah bagaimana caranya orang tua akan menurutinya.
          Peribahasa ini juga sering digunakan untuk menyindir (mengomentari) apa orang tua yang suka berlebihan menuruti permintaan anak. Apa saja permintaan anak, entah baik entah buruk, merepotkan atau tidak, tetap dituruti. Padahal mereka juga tau bahwa sebenarnya permintaan tersebut tidak pada tempatnya. Selain itu peribahasa ini juga mengandung nasehat bagi orang tua yang cenderung sukar meluruskan kehendak anaknya. Sebab, sebagai orang tua yang melahirkan si anak, mau tidak mau harus meringankan beban si anak.
          Adapun kelanjutan sekaligus kebalikan peribahasa ini yakni bapa kesulah anak kapolah, artinya orang tua yang membuat anak menjadi repot. Contohnya, Pak Naya hidupnya sengsara karena hartanya habis dijual untuk berjudi. Meskipun dia sengsara akibat ulahnya sendiri yang tidak pantas, anaknya tidak bisa tinggal diam dan terpaksa turun tangan membantu Pak Naya. Sebab bagaimanapun Pak Naya adalah orang tuanya. baik buruk orang tua si anak akan ikut terbawa-bawa.

No comments:

Post a Comment