Tuesday 1 September 2015

Aja Turu Awan Mundhak Dadi Kancane Setan

Aja Turu Awan Mundhak Dadi Kancane SetanTegese turu awan ora becik, awit uripe bakal sering digodha setan. Umume, paribasan iki didadekake larangan utawa panyaruwe saka wong tuwa marang anak-anake. Kapitayane wong cilik ing tanah Jawa, awan iku wektune nyambut gawe (golek pangupajiwa), dene wengi kanggo turu. Mula saka iku turu awan dianggep nyalahi adat. Kudune nyambut gawe kok malah turu (ngepenakake awak). Kena turu awan yen pancen kesel tenan utawa lara, ora kepenak awake.
dhek semana, larangan aja turu awan banget dikudokake tumrap bocah nganti tekan nom-noman sing wis diwasa. Miturut para sepuh, seneng turu awan marakake keset. Aras-arasen nyambut gawe, aleman, awak dadi ringkih, tandang gawene kurang cukat trengginas. Turu awan ngadohake rejeki jalaran wektune nyambut gawe dieloni kanggo turu, tudhone pemetu mesthi suda. Gandheng rejeki saya dina ora tambah, nanging saya suda, uripe bakal kecingkrangan. Lha yen wis kaya ngono ora maido menawa tansah kangelan anggone mbudidaya gegayuhaning urip.



Aja Turu Awan Mundhak Dadi Kancane Setan
Artinya jangan tidur siang nanti jadi temannya setan atau tidur siang tidak baik karena seseorang yang tidur siang di dalam hidupnya akan sering mendapat godaan setan. Pada umumnya peribahasa ini dijadikan larangan dari orang tua untuk anak-anaknya. Menurut kearifan orang Jawa, siang hari merupakan waktu untuk bekerja (mencari nafkah), sedangkan malam hari merupakan waktu untuk tidur. Oleh sebab itu tidur siang dianggap menyalahi aturan. Seharusnya bekerja kok malah tidur enak-enakan. Boleh-boleh saja tidur siang jika memang benar-benar lelah, sakit, atau tidak enak badan.
Waktu itu, larangan tidur siang sangat ditekankan oleh para orang tua kepada anak kecil sampai anak muda yang telah dewasa. Menurut orang-orang tua, kegemaran tidur siang menumbuhkan rasa malas. Malas bekerja, badan menjadi loyo, dan tingkah kurang cekatan. Tidur siang menjauhkan rezeki. Gara-gara waktu bekerja dikurangi untuk tidur, penghasilan juga pasti berkurang. Karena rezeki semakin berkurang, hidupnya (orang yang suka tidur siang itu) akan kekurangan. Kalau sudah seperti itu tidak heran jika ia selalu kesulitan dalam memperjuangkan cita-cita.

No comments:

Post a Comment