Tuesday 1 September 2015

Aja Ngomong Waton, Nanging Ngomonga Nganggo Waton

Aja Ngomong Waton, Nanging Ngomonga Nganggo Waton

Tegese yen omong aja mung waton muni, nanging prayogane nggunakake landhesansing gumathok, cetha, bener, lan pener. Pepeling tumrap wong Jawa sing wose aja seneng glenyengan, ngrasani liyan, utawa nyatur wewadi sing ora pantes dingerteni wong akeh. Kejaba saka iku, omong kudu nggunakake tata krama sing becik. Apa kang dikandhakake kudu cetha lan kepriye carane kandha kudu nganggo subasita, amrih ora nuwuhake panyakrabawa sing kleru (kleru penampa) tumrap sing diajak kekandhan.
Murih ora ngalami gesrek anggone srawung karo sanak-kadang pawong mitra, tembung saklimah rong klimah kudu dijaga. Tegese, ngucap celathu diarah-arah, aja nganti nyatur alane liyan sing durung mesthi bener, babar pisan ora ana pikolehe. Apamaneh yen nganti keprungu sing dicatur, tundhone mung nglarakake ati. Marakake padudon utawa ndhem-ndheman rasa.
Paribasan iki uga kena kanggo pepeling tumrap sapa bae kang kerep nganakake sesorah marang wong akeh. Menehi sesorah prayogane nggunakake basa lan trapsila sing ora cengkah karo adat turun-temurun ing papan anggone sesorah mau. Yen nganti anggone sesorah nggugu karepe dhewe, sing ngrungokake mesthi nggrundel. Salah-salah mbaka siji bisa lunga tanpa pamit.



Aja Ngomong Waton, Nanging Ngomonga Nganggo Waton

Artinya jangan asal bicara, tetapi bicaralah menggunakan landasan yang jelas. Peribahasa ini juga merupakan larangan agar siapapun tidak gampang bicara, menyebarkan kejelekan orang yang belum terbukti kebenarannya. Selain itu juka berbicara juga harus menerapkan sopan-santun. apa yang dibicarakan harus jelas dan cara bicaranya juga menggunakan tata krama yang benar sehingga tidak menimbulkan syak wasangka.
1. Demi melestarikan hubungan dengan siapapun, seyogyanya setiap tutur kata dijaga dengan baik. Tutur kata harus diatur sedemikian rupa dan tidak membesar-besarkan masalah orang yanng belum jelas duduk perkaranya. Akan fatal jadinya, jika pembicaraan seperti itu sampai ke telinga orang yang bersangkutan. Jika sudah demikian, bisa saja terjadi percecokan yang tidak diinginkan.
2. Peribahasa ini juga mengingatkan kepada siapapun yang bisa berbicara kepada orang banyak di berbagai tempat. Mau tidak mau dia harus menggunakan bahasa dan tata krama yang umum berlaku di tempat yang ia singgahi. Apabila dia menuruti pikiran sendiri, tentu orang yang mendengarnya pun akan tidak senang. 

5 comments: