Tuesday 1 September 2015

Adigang Adigung Adiguna

Adigang adigung adiguna

Tegese yaiku sipat sendel-ngendelake kekuwatan, panguwasa, lan kepinteran sing didarbeki. adigang yaiku sipat kang ngegul-gulake kakuwataning awak (raga),  kayadene kidang. tandang tanduke cukat trengginas, playune pilih tandhing. Dene adigung iku sipat kang ngongasake pangkat, drajat, keluhuran, apadene trah tedhak turune priyagung (wong gedhe). pawongan kang nduweni watak adigung umume dipadhakake karo gajah. awake gedhe, ora ana sing madhani, lan yen padudon akeh menange. Dene adiguna iku sipat kang ngendelake kapinteran lan akal. sipat iki umume digambarake kaya watak wantune ula. Ula iku katone ringkih, nanging wisane mbebayani.
Ancas tujuwane paribasan iki ngelingake supaya manungsa ngedohi watak adigang, adigung, adiguna, jalaran watak mau bisa nuwuhake angkara murka lan marakake lali marang sapadha-padha, saengga tumindake sering nglarakake atine liyan. Menawa wong iku duwe kaluwihan aja banget-banget diendel-endelake. Awit kasunyatane, kidang sing kawentar playune iku uga bisa ditubruk macan lan sidane mung dadi mangsane raja wana mau. Nate didongengake uga, kepriye gajah kalah dening semut. Ula weling utawa kobra sing wisane ngegirisi iku uga bakal mati lemes yen disabet nganggo carang pring ori.
Paribasan iki uga menehi pepeling menawa kaluwihaning manungsa bisa "migunani" uga "mbenayani". Migunani angger digunakake kanggo kebecikan lan kemanungsan, mbebayani yen mung kanggo nguja hawa nepsu.


Adigang Adigung Adiguna
Artinya sifat menyombongkan kekuatan, kekuasaan, dan kepandaian yang dimiliki. adigang adalah gambaran watak kijang yang menyombongkan larinya yang luar biasa. Adigung adalah kesombongan terhadap keluhuran, keturunan, dan kebangsawanan yang dimiliki. orang yang berwatak adigung biasanya diibaratkan sebagaimana gajah yang tubuhnya besar dan nyaris tak terlawan oleh binatang lain. Adapun adiguna menonjolkan kepandaian (kecerdikan) dan digambarkan seperti watak ular yang tampak lemah, tetapi memiliki racun mematikan.
Peribahasa ini bertujuan mengingatkan mereka yang memiliki kelebihan agar tidak sombong. Sebab, kesombongan sering membuat kita lupa diri dan berdampak buruk baik bagi yang bersangkutan maupun orang lain. Contohnya kijang. Secepat apa pun larinya kijang, kadang-kadang terkejar oleh harimau, dan jika sudah demikian nasibnya pun hanya akan menjadi santapan raja hutan tersebut. Dalam dongeng anak-anak diceritakan bagaimana gajah yang besar itu kalah oleh gigitan semut. Sementara itu, ular kobra yang sangat ditakuti pun akan mati lemas jika terkena sabetan cabang (carang) bambu ori atau bambu duri.
Peribahasa ini juga berisi nasihat, bahwa kelebihan yang dimiliki seseorang merupakan sesuatu yang "berguna" sekaligus "berbahaya". berguna apabila dimanfaatkan demi kebaikan, berbahaya jika hanya digunakan untuk kepuasan nafsu duniawi belaka.

1 comment: