Tuesday 1 September 2015

Alon-alon waton kelakon

Alon-alon waton kelakon

Alon-alon Waton KelakonGara-gara paribasan iki, akeh sing ngarani yen wong jawa iku angel maju jalaran uripe tansah alon-alon. Ngakoni samubarang prasasat nguler kambang, ora cag-ceg apa perlune, ora banjur age-age mlayu mburu kang dadi ancas tujuwane sakawit.
Panganggep kaya ngono cetha luput, awit werdine paribasan iki ora mengkono. Alon-alon waton kelakon mujudake pepeling: aja grusa-grusu, aja waton mlayu. Kabeh tumindak kudu dipetung, dikuwayani temenan murih gampang lan gangsar lakune. Tegese saben pambudidaya ngarah apa wae tansah merlokake kaprayitnan, empan papan, olah rasa, noleh ngiwa tengen, metung kana metung kene. Apa gunane katekan sing disedya, yen urip dadi kebak rubeda maneka warna? Dadi, ngoyak gegayuhan ora ana alane, nanging aja lali kudu tansah njaga keslametan sakabehe.
Yen dionceki kanthi permati, paribasan alon-alon waton kelakon ana gayutane karo paribasan liya. Kayata aja nggege mangsa, kebat kliwat, ngangsa marakake brahala, lan sabar subure. Tegese apa kang digayuh kudu dioyak nganti kecekel. Nanging olehe nggayuh aja kesusu lan kudu sabar. Sing penting olehe nggayuh kudu kasil. Aja jaragan daya-daya enggal kelakon, anggone ngoyak banjur mlayu sipat kuping yen kita dadi purwaduksina, tumindak kita bisa nuwuhake perkara anyar kang bakal nyimpeti laku.


Alon-alon waton kelakon

Artinya perlahan-lahan asal tercapai. Gara-gara peribahasa ini muncul anggapan bahwa orang jawa itu sulit maju karena hidupnya selalu pelan-pelan atau santai. Ada anggapan jika orang Jawa mengerjakan segala sesuatu senantiasa pelan, tidak pernah cepat dan cekatan, tidak sesegera mungkin berlari mengejar apa yang menjadi tujuan semula.
Pendapat seperti itu jelas keliru sebab makna peribahasa ini tidaklah demikian. "Alon-alon waton kelakon" adalah nasehat jangan suka terburu-buru, jangan berbuat ceroboh. Setiap harus diperhitungkan dengan cermat agar dapat dilaksanakan dengan lancar. Artinya, setiap upaya untuk meraih apapun sangat memerlukan kewaspadaan, kepekaan dalam penyesuaian diri, memperhatikan kanan kiri, dan sebagainya. Apa gunanya berhasil meraih tujuan, bila karenanya hidup kita malah jadi penuh malapetaka. Maka, mengejar cita-cita memang bukan hal yang buruk, tetapi jangan lupa, orang harus benar-benar menjaga keselamatannya.
Ketika dikaji dengan cermat, peribahasa ini terkait dengan peribahasa lain. Misalnya aja nggege mangsa, kebat kliwat, ngangsa marakake brabala, dan sabar subur. Artinya apa yang dicita-citakan memang harus dikejar hingga tercapai. Akan tetapi jangan terburu-buru dan harus sabar (karena membutuhkan proses). Hal yang penting adalah berhasil. Jangan karena terburu ingin mencapai tujuan, lantas mengejarnya dengan serampangan dan membabi buta. Jika kita lupa asalmulanya, bahwa setiap tindakan bisa memunculkan masalah baru yang dapat merambat langkah.

No comments:

Post a Comment