Tuesday 1 September 2015

Aja Ngutik-uthik Macan Turu

Aja Ngutik-uthik Macan Turu

Tegese aja ngungkad-ungkad watak wantune wong ala. Mujudake pepeling aja seneng ngganggu pawongan kang duwe aten-aten ala, brangasan, cengkiling, lan sapanunggalane.
Wong-wong ing tanah Jawa marabi macan iku raja wana (ratune alas). Mesthi wae gwlar ratu ing kene mujudake pepindhan. Dudu sejatining ratu kaya dene ratuning manungsa kang berbudi bawa leksana, nanging mung dipadhakake ratu jalaran kuwasa lan diwedeni. Pangarep kaya ngono kena diarani lumrah jalaran macam pancen kewan galak, diwedeni sato wana uga manungsa.
mula saka iku, pawongan kang duwe watak galak, brangasan, kejem, cengkiling, tegelan, golek menange dhewe, seneng ngumbar kanepson, umume banjur dipadhakake macan. Mula becike yen "wong kang kaya macan" mau lagi enak kepenak uripe (kayadene macan turu) aja diuthik-uthik, disaru siku, dikileni, dikagetake, sing marakake watak wantune mubal. Awit yen nganti ora kalegan atine, bisa wae malah seling surup banjur ngamuk. Lha yen nganti kaya ngono tudhone saparipolahe bakal ndrawasi liyan.



Aja Ngutik-uthik Macan Turu

Artinya jangan mengganggu harimau tidur. Ini merupakan nasihat agar kita tidak suka mengganggu orang yang memiliki tabiat buruk, gampang marah, liar, dan sebagainya.
Di Jawa, harimau digelari raja hutan (raja wana). Tentu saja penyebutan raja merupakan kiasan kiasan atau padanan. Bukan raja yang sesungguhnya yang arif bijaksana dan mampu memimpin dengan baik, tetapi sekadar disamakan karena antara raja dan harimau sama-sama berkuasa dan ditakuti. Anggapan seperti itu sangat wajar sebab harimau memang binatang buas, ditakuti baik oleh binatang lain maupun manusia.
Dengan demikian, orang yang berkarakter kejam, berangasan, sok kuasa, liar, dan mau menang sendiri, senang mengumbar hawa nafsu, lazim disamakan dengan harimau. "Orang yang seperti harimau" sedang nyaman, tenteram, dan asik dalam dunianya sendiri, lebih baik jangan diusik sedikitpun, agar tidak sampai marah. Jika sampai merasa terganggu, dikhawatirkan sifat buruknya muncul secara mendadak sehingga membuat kekacauan dan keributan di mana-mana. Jika sudah demikian, segala sepak terjangnya akan dapat membahayakan orang lain.

No comments:

Post a Comment