Thursday 31 December 2015

Golek Banyu Apikulan Warih, Golek Geni Adedamar

Tegese golek banyu sangune pikulan banyu, golek geni nggawa damar. Unen-unen iki ngemu pitutur kang adiluhung, yaiku manungsa kudu nduweni sangu kang cukup lan cocog karo apa kang dadi sedyane. Yen antarane sangu lan sing diarah cengkah, mesthi bakal angel kelakone.
Mangkane unen-unen iki yen ditrapake ing kahanan (kasunyatan) contone mangkene. Wong golek sedulur, sangune kudu ngerti carane mbangun paseduluran sing becik. Wong golek pegaweyan (nglamar pegaweyan), kudu sangu ketrampilan lan gelem netepi tatanan sing wis digarisake dening wong sing bakal menehi pegaweyan tumrap dheweke mau.
Cekak cukupe, golek kebecikan iku sangune uga kabecikan. Ora bakal kelakon menawa golek kabecikan sangune watak drengki srei, adigang-adigung-adiguna, utawa mburu menange dhewe. Yen sangun kaya ngono, entuke cetha yen dudu kabecikan, nanging tukar padu memungsuhan.

Golek Banyu Apikulan Warih, Golek Geni Adedamar
Artinya mencari air berbekal pikulan air, mencari api berbekal pelita. Peribahasa ini mengandung masihat yang sangat mulia, yakni manusia harus memiliki bekal yang cukup dan sesuai dengan apa  yang dicita-citakan. Apabila tidak sebanding antara bekal dengan cita-citanya, tentu cita-cita itu akan sulit terwujud.
Makna peribahasa ini jika diterapkan dalam realitas kehidupan misalnya begini. Untuk mencari teman atau saudara, bekalnya harus mengetahui bagaimana cara membangun persaudaraan yang baik. Orang melamar pekerjaan harus berbekal keterampilan dan kesediaan untuk memenuhi peraturan yang ditetapkan oleh orang yang akan memberi pekerjaan kepada yang bersangkutan.

Singkat kata, mencari kebaikan harus berbekal kebaikan. Kebaikan tidak mungkin didapat jika berbekal watak dengki, adigang adigung adiguna, serta ingin menang sendiri. Jika bekalnya hanya sifat-sifat demikian, yang ditemukan tentu saja bukan kebaikan, tetapi cekcok dan permusuhan.

2 comments: