Thursday 31 December 2015

Giri Lusi, Janma tan Kena Ingina

Giri Lusi, Janma tan Kena Ingina

Tegese senajan mlarat (katone mlarat) nanging manungsa kaya ngono ora kena diina (disepelekake, dianggep asor). Ngina sapadha-padhaning titah mujudake patrap kang ora becik. Awit kabeh manungsa sejatine padha. Dene sing mbedakake siji lan sijine mung amal panggawene dhewe-dhewe.
Unen-unen iki tujuwane nuturi, aja nganti ndeleng (mbiji) manungsa saka babagan sing kasat mripat wae. Jalaran yen mung nganggo landhesan sing katon, salah-salah bisa kepleset. Durung mesthi wong sing nyandhang panganggone nglomprot iku wong mlarat. Bisa uga dheweke seniman kondhang, omahe magrong-magrong, mobile jejer-jejer, lukisane pengaji atusan yuta.
Conto liyane kayata ana sing sugih lan pinter, ana sing senenge lelaku. Wong kasebut njajah desa milang kori, blusukan ing desa-desa, panganggone wong kasebut ya mung sakanane. Ndilalah wong mau disepelekake dening wong liya, hara wong sing nyepelekake mau apa ora keweleh. Ing tanah Jawa uga ana paribasan liya sing ngelingake supaya ngati-ati mbiji wong liya, sapa ngerti wong mau kayadene bathok bolu isi madu. Sajake wong mau ora mbejaji, nanging duwe katiyasan ngedab-edabi sing ora dikatonake.

Giri Lusi, Janma tan Kena Ingina
Artinya jangan gampang menghina orang yang tampaknya miskin atau berpenampilan sederhana. Suatu peringatan bahwa orang itu bisa saja berbeda antara isi dan penampilannya. Apabila dilihat dari luar (penampilan) mungkin akan keliru karena banyak orang suka menyembunyikan (menyimpan) kemampuannya yang ternyata jauh berbeda dengan apa yang tampak.
Peribahasa ini berisi nasihat, jangan suka menilai orang berdasarkan penampilannya atau dari segala sesuatu yang tampak saja. Jika hanya berdasarkan hal-hal yang kasat mata saja, salah-salah bisa keliru. Misalnya, belum tentu orang yang berpakaian lusuh adalah orang miskin. Sebenarnya bisa saja dia adalah seniman tenar, rumahnya mewah, mobilnya banyak, lukisannya berharga sampai ratusan juta.

Ada pula kisah seorang yang kaya dan pandai yang suka berlaku prihatin. Orang itu keluar-masuk desa-desa hanya mengenakan pakaian sederhana. Kebetulan orang itu diremehkan orang lain, tentu orang yang meremehkan tersebut akan terkecoh. Oleh karena itu, menilai orang harus berhati-hati. Siapa tahu mereka ibarat bathok bolu isi madu, tempurung kelapa yang jelek tetapi isinya madu di dalamnya. Buruk di luar, tetapi menyembunyikan “kekayaan” besar di dalam pribadinya.

No comments:

Post a Comment