Friday 4 December 2015

Eling Sangkan Paraning Dumadi

Tegese manungsa kudu tansah eling marang asal lan tujuwaning urip. Jalaran cetha yen uripe manungsa iku ana sing nguripake lan nguripi yaiku Gusti Kang Mahakuwasa. Mula saka iku kita ora kena pisan-pisan nglalekake Panjenengane. Kejaba saka iku, manungsa dititahake urip ing alam donya mengku tujuwan sing gumathok, yaiku mundhi dhawuhe Gusti Allah, jalaran mbesuke uga bakal bali marang ngersane Gusti Allah.
Unen-unen iki mujudake pitutur kang tansah diugemi dening wong Jawa. Kejaba saka iku, unen-unen kasebut kena kanggo ngelingake sapa wae sing tumindake nyasar. Sapa wae sing uripe waton sulaya, nggugu karepe dhewe, pokal gawene kerep nyalahi angger-angger, lan sapanunggalane. Yen dheweke gelem nggatekake wosing unen-unen iki kanthi premati, nganggo rasa lan pikiran sing wening, mesthine bakal eling. Eling, menawa urip ing alam donya iku dibiji temenan dening Gusti Kang Akarya Jagad. Yen nganti bijine ala, mesthi antuk ukuman abot, dene yen becik bakal oleh ganjaran kang samurwat.

Arti Eling Sangkan paraning dumadi
Artinya ingat asal dan tujuan hidup. Sebab telah jelas bahwa manusia itu ada yang menghidupkan dan menghidupi yaitu Tuhan Kang Mahakuasa. Oleh karena itu, kita tidak boleh sekali-kali melalaikan-Nya. Selain itu, manusia diperintah di dunia ini untuk satu tujuan yang jelas yaitu melaksanakan perintah Tuhan karena nantinya manusia akan kembali ke hadirat-Nya.
Peribahasa ini merupakan nasihat yang selalu diamalkan oleh orang Jawa. Selain itu, bisa juga untuk mengingatkan siapa saja yang hidupnya boleh dikata “rusak”. Hidup asal hidup, berbuat semau sendiri, nyaris tak peduli dengan apa yang disebut dosa, dan sebagainya. Apabila yang bersangkutan mau merenungkan makna peribahasa ini dalam-dalam, dengan membuka pintu batin serta pikiran yang jernih, tentunya akan sadar. Sadar serta ingat, bahwa orang hidup di dunia ini sesungguhnya benar-benar dinilai, dihitung oleh Tuhan Pencipta Alam. Maka, apabila nilai perbuatannya buruk, tentu akan menerima hukuman berat, sedangkan jika nilainya baik juga akan menerima ganjaran yang setimpal.

No comments:

Post a Comment