Thursday 21 January 2016

Kalah Cacak Menang Cacak

Kalah Cacak Menang Cacak
Tegese kalah utawa menang, kasil ora kasil, bakal dicoba. Paribasan iku nggambarake golong gilige tekad njajal ngayati pegaweyan sing durung ngerti kasil orane. Patrap kaya ngono dilakoni umume dening pawongan sing kepepet. Upamane kepeneran golek gaweyan, banjur ana sing nawani, ora ketang gaweyan mau durung nate dilakoni, tetep wae bakal disaguhi. Mula, yen ditakoni asile mengko kepriye, wong iku ora bisa mangsuli.
Unen-unen iki yen digatekake memper japa mantra. Wong sing sadurunge wedi utawa isih was-was nglakoni sawijining pakaryan, bareng wis muni: kalah cacak menang cacak banjur ora miyar-miyur meneh. Wong iku banjur madhep manteb, kasil orane, petungan mburi. Ora ketang durung tau nglakoni, kanthi anane kemanteban kaya mangkono, asile pakaryan uga ora muspra. Sithik akeh mesthi ono katone, samurwat karo anggone ngupayani.

Kalah Cacak Menang Cacak
Artinya kalah ataupun menang, berhasil atau gagal, tetap akan dicoba. Ini adalah ungkapan sikap orang Jawa ketika bertekad mencoba suatu pekerjaan (kegiatan) yang belum tentu bagaimana hasilnya. Umumnya, sikap demikian dijalani oleh mereka yang sedang terjepit keadaan. Misalnya kebetulan sedang mencari pekerjaan, lalu ada orang yang menawari pekerjaan. Meskpun pekerjaan tersebut masih asing baginya, tetap saja tawaran tersebut disanggupinya. Maka, jika orang itu ditanya hasilnya kelak bagaimana, dia tidak dapat menjawabnya dengan pasti.

Jika diperhatikan, peribahasa ini tidak ubahnya semacam mantera. Mereka yang sebelumnya masih takut-takut atau kurang yakin ketika hendak melaksanakan suatu hal, akan memperoleh kemantapan hati setelah mengucap kalah cacak menang cacak. Orang itu lalu mempunyai tekad yang bulat, berhasil tidaknya urusan belakangan. Kendati belum pernah melakukan pekerjaan tersebut, dengan adanya tekad tersebut, hasilnya pun tak akan sia-sia. Sedikit atau banyak pasti tampak, sebanding dengan perjuangan yang telah dilakukan.

2 comments:

  1. Katerangan ingkang migunani sanget. Ngaturaken agenging panuwun.
    Nuwun. GQ

    ReplyDelete
  2. Maturnuwun sanget nggih

    ReplyDelete