Thursday 21 January 2016

Kadang Konang

Kadang Konang
Tegese sing diajeni (dianggep sedulur) mung wong sing duwe sipat kaya konang. Sanajan kewan cilik, nanging konang duwe zat pospor kang mapan ing awake, saengga katon nyremomong nalika saba bengi. Nduweni zat pospor mau diarani keluwihane konang, awit kewan-kewan liyane arang sing duwe.
Kadang konang mujudake sindiran kang ditujokake marang sapa wae kang seneng mbedak-mbedake anggone kekancan. Wong sing nduweni keluwihan dicedhaki, didadekake sedulur sinarawedi, dikurmati. Dene wong sing biyasa-biyasa, ora duwe keluwihan, didohi. Alesane, sing ora duwe keluwihan ora bakal nguntungake dheweke, beda karo sing duwe keluwihan. Miturut wong kasebut kekancan karo wong sing duwe keluwihan (sugih, pangkat, pinter) akeh untunge. Upama dheweke lagi kesusahan enggal nulungi, diutangi gampang, disambat sebuti ora nolak, diajak usaha bebarengan enggal tumandang, lan sapanunggalane.

Kadang Konang
Artinya yang dihargai (dianggap saudara) hanya yang seperti kunang-kunang (pada malam hari). Meskipun kunang-knang binatang kecil, kunang-kunang memiliki zat fosfor di dalam tubuhnya sehingga tampak bersinar ketika beterbangan di malam hari. Zat fosfor di dalam tubuh kunang-kunang dapat disebut sebagai kelebihan si kunang-kunang, karena tidak banyak binatang lain yang memilikinya.

Kadang konang adalah ungkapan yang ditujukan kepada siapa pun yang suka membeda-bedakan orang atau sanak kerabatnya. Artinya, mereka yang memiliki kelebihan didekati, dijadikan saudara, diperhatikan, dihormati. Adapun mereka yang biasa-biasa saja, tidak menonjol, dijauhi. Pasalnya, menurut orang-orang tersebut orang yang tidak memiliki kelebihan tidak dapat mendatangkan keuntungan, sedangkan apabila berteman dengan orang yang memiliki kelebihan (kaya, berkuasa, pandai) banyak manfaatnya. Mereka akan mudah dimintai bantuan, mudah dijadikan tempat mengadukan kesulitan hidup, mudah diajak bekerja sama membangun usaha, dan sebagainya.

No comments:

Post a Comment