Tegese wedhus
yen diumbar ing pekacangan (ora ana sing angon) marakake tanduran kacang mau
rusak. Godhonge dadi pridis dipangani lan akeh sing mati jalaran kepidak-pidak.
Paribasan iki memper karo paribasan liya, kaya ta pitik trondol diumbar neng
pedaringan, kere mungah bale. Unen-unen iki ditujokake marang wong mlarat lan
atene-atene ala kang menawa diwenehi kalodhangan (dikepenakake) ora matur nuwun
apadene njaga murih becike kahanan, nanging malah gawe rusak.
Kahanan kaya
ing nduwur prayogane aja nganti kedaden. Tegese, pawongan sing nduweni
aten-aten kaya dene wedhus ora kena diumbar ing “pekacangan”. Upama tekan
pekacangan tetep kudu diawasi. Jalaran yen wedhus mau diumbar, sipat dasare
bakal metu, pakulinane bali kaya wingi uni. Kepriye wae, wedhus tetep wedhus.
Sipat nalurine tetep sipat naluri wedhus, ora bisa owah. Mokal yen dadi kaya
kucing sing ora doyan gegodhongan.
Kaya Wedhus Diumbar ing Pekacangan
Artinya seperti
kambing yang dilepas di kebun kacang, atau kambing yang dilepas di ladang
kacang tanpa pengembala pasti mengakibatkan rusaknya tanaman kacang.
Daun-daunnya bisa habis dimakan, juga banyak tanaman yang mati karena
terimjak-injak. Di Jawa terdapat beberapa peribahasa lain yang mirip dengan
peribahasa ini, seperti pitik trondol diumbar neng pedaringan (ayam
dibiarkan di lumbung beras), kere munggah bale (orang miskin naik ke
gedung). Hal ini adalah sindiran bagi orang miskin yang perilakunya buruk.
Apabila diberi kesempatan atau kemudahan tidak berterima kasih ataupun ikut
menjaga kebaikan bersama, tetapi malah membawa kekacauan.
Kasus seperti
itu sebaiknya dicegah dan jangan sampai terjadi. Artinya, orang yang bersifat
ibarat kambing jangan dibiarkan (dibebaskan) begitu saja. Dia harus selalu
diawasi. Jika dia dilepas, karakter aslinya akan muncul juga, kembali seperti
sedia kala. Bagaimanapun kambing tetap kambing. Sifat dan narulinya tetap saja
sifat dan naluri kambing, sulit berubah. Mustahil kambing bisa menjadi kucing
yang tidak suak dedaunan.
No comments:
Post a Comment