Tuesday 23 February 2016

Kesandhung ing Rata, Kebenthus ing Tawang

Kesandhung ing Rata, Kebenthus ing Tawang

Tegese kesandhung ing papan rata, banjur kebenthus langit. Gambaran kahanan kasebut aneh banget. Kaya-kaya kahanan mangkono mau bisa dipaido. Ngendi ana ing papan resik lan rata wong bisa kesandhung? Apa sing nyandhungi? Kepriye larah-larahe kok bisa kebentus langit? Gek dhuwure langit semana, manungsa dhuwure paling pol rong meteran, kepriye bisane mbenthus?
Yen mung dilaras nganggo pikiran, kahanan iki pancen mokal. Ananging yen digagas nganggo rasa lan ati sing wening, apa kang dadi maknane bakal katon. Yaiku, pepeling yen ing ngendi wae manungsa kudu ngati-ati. Awit sing jeneng alangan asale sangkan paran. Bisa saka njaba, bisa saka awake dhewe. Toladhane tiba saka anggone mlaku. Bisa jalaran kesandhung, kejlegong, lan sapanunggalane. Ananging uga bisa jalaran ngantuk, ngalamun, ora nggatekake dalan. Mula, senajan papane rata, lempeng, bawera, nanging ngambah sadhengah papan kudu tansah prayitna. Kiwa tengen aman, sapa ngerti atine dhewe kebak eri watu ora karuwan akehe?

Kesandhung ing Rata, Kebenthus ing Tawang

Artinya kaki kesandung di tempat yang rata, kepala terbentur langit. Hal ini menggambarkan sesuatu yang seolah mustahil terjadi. Bagaimana mungkin di tempat yang rata (datar) kaki bisa tersandung? Apa yang menyebabkan kaki tersandung? Bagaimana asal mulanya kepala bisa terbentur langit? Langit setinggi itu, padahal manusia paling-paling hanya mempunyai tinggi dua meter, bagaimana bisa terbentur?

Jika hanya dipahami dengan nalar, makna peribahasa ini terkesan tidak mungkin. Namun, kalau dipahami dengan rasa dan hati yang jernih, makna itu segera tampak di depan mata. Maknanya, yaitu peringatan agar manusia senantiasa waspada dan hati-hati di setiap tempat. Hal ini karena aral musibah asalnya kadang tidak terbayangkan. Musibah itu bisa berasal dari luar, bisa berasal dari diri sendiri. Misalnya saja, jatuh ketika berjalan. Musibah itu bisa terjadi karena tersandung, terperosok, dan lain-lain. Namun, juga bisa karena mengantuk, melamun, dan tidak memperhatikan jalan. Maka, meskipun jalan yang dilalui begitu rata, lurus, terang benderang, tetapi dimana pun kita harus tetap waspada. Kiri kanan memang aman, tetapi siapa tahu hati kita sendiri penuh duri dan batu yang tak terhitung jumlahnya.

2 comments: