Thursday, 31 December 2015

Gusti Allah Ora Sare

Gusti Allah Ora Sare

Tegese Gusti priksa saparipolahe manungsa, uga laku jantrane jagad saisine. Pitutur kang ngelingake supaya kita ora kendhat nyuwun pitulungan lan pangayoman marang Gusti Kang Akarya Jagad. Kejaba saka iku, aja gampang-gampang tumindak salah (dosa), awit Gusti ora sare. Apa sing durung kocap, sing sumimpen sajroning ati lan sing jeneng wewadi Panjenengane priksa sakabehe.
Manungsa urip ing alam donya diparingi kalodhangan sing amba dening Gusti Allah. Paribasan apa sing ginayuh bakal kelakon. Ananging kita kudu tansah ngati-ati, jalaran kabeh tumindak bakal kecathet dening Kang Murbeng Dumadi.

Gusti Allah Ora Sare
Artinya Tuhan tidak tidur atau Tuhan melihat semua tingkah manusia, juga gerak alam semesta seisinya. Inilah nasehat yang mengingatkan kita agar tidak henti memohon pertolongan dan perlindungan Tuhan Pencipta Alam. Di samping itu, kita juga jangan gampang berbuat salah (dosa) karena Tuhan tidak tidur dan pasti tahu semua yang terjadi di dunia ini. Apa pun yang belum terucap, tersembunyi di dalam hati, juga semua rahasia kita, Tuhan tahu semuanya.
Manusia hidup di dunia diberi kebebasan seluas-luasnya oleh Tuhan. Ibarat apapun keinginannya dapat tercapai. Namun, kita harus selalu berhati-hati karena seluruh perbuatan diketahui dan dicatat oleh Sang Pencipta.


Gupak Pulut Ora Mangan Nangkane

Gupak Pulut Ora Mangan Nangkane

Tegese direwangi gupak pulut, sing mangan nangkane wong liya utawa anggone tumandang temenan, nanging sing ngrasakake asile dudu dheweke. Paribasan iki dadi gambarane wong kang lagi nandhang apes, lantaran asil pangupayane direbut dening wong liya.
Conto kedadeyan sing magepokan karo unen-unen iki akeh. Kayata, paribasan dilabuhi melek pirang-pirang dina gawe kembar mayang lan pajangan upacara penganten, sing antuk pangalembana malah sing duwe omah. Kemangka sing duwe omah ngucap matur nuwun marang sing gawe kembar mayang.

Gupak Pulut Ora Mangan Nangkane
Gupak Pulut Ora Mangan Nangkane
Artinya kena getahnya, tetapi tidak makan nangkanya atau sudah bekerja keras, tetapi malah orang lain yang menikmati hasilnya. Peribahasa ini menggambarkan orang yang bernasib sial karena hasil kerjanya diserobot orang lain.

Banyak contoh kejadian yang dimaksud dalam peribahasa ini. Misalnya sampai tidak tidur dan meninggalkan pekerjaan untuk membuat kembar mayang dan dekorasi lain untuk hajatan pengantin, ternyata yang dipuji oleh para tamu malah yang punya hajatan. Padahal pemilik rumah mengucapkan terimakasih kepada si pembuat kembar mayang tersebut.

Golek Banyu Apikulan Warih, Golek Geni Adedamar

Tegese golek banyu sangune pikulan banyu, golek geni nggawa damar. Unen-unen iki ngemu pitutur kang adiluhung, yaiku manungsa kudu nduweni sangu kang cukup lan cocog karo apa kang dadi sedyane. Yen antarane sangu lan sing diarah cengkah, mesthi bakal angel kelakone.
Mangkane unen-unen iki yen ditrapake ing kahanan (kasunyatan) contone mangkene. Wong golek sedulur, sangune kudu ngerti carane mbangun paseduluran sing becik. Wong golek pegaweyan (nglamar pegaweyan), kudu sangu ketrampilan lan gelem netepi tatanan sing wis digarisake dening wong sing bakal menehi pegaweyan tumrap dheweke mau.
Cekak cukupe, golek kebecikan iku sangune uga kabecikan. Ora bakal kelakon menawa golek kabecikan sangune watak drengki srei, adigang-adigung-adiguna, utawa mburu menange dhewe. Yen sangun kaya ngono, entuke cetha yen dudu kabecikan, nanging tukar padu memungsuhan.

Golek Banyu Apikulan Warih, Golek Geni Adedamar
Artinya mencari air berbekal pikulan air, mencari api berbekal pelita. Peribahasa ini mengandung masihat yang sangat mulia, yakni manusia harus memiliki bekal yang cukup dan sesuai dengan apa  yang dicita-citakan. Apabila tidak sebanding antara bekal dengan cita-citanya, tentu cita-cita itu akan sulit terwujud.
Makna peribahasa ini jika diterapkan dalam realitas kehidupan misalnya begini. Untuk mencari teman atau saudara, bekalnya harus mengetahui bagaimana cara membangun persaudaraan yang baik. Orang melamar pekerjaan harus berbekal keterampilan dan kesediaan untuk memenuhi peraturan yang ditetapkan oleh orang yang akan memberi pekerjaan kepada yang bersangkutan.

Singkat kata, mencari kebaikan harus berbekal kebaikan. Kebaikan tidak mungkin didapat jika berbekal watak dengki, adigang adigung adiguna, serta ingin menang sendiri. Jika bekalnya hanya sifat-sifat demikian, yang ditemukan tentu saja bukan kebaikan, tetapi cekcok dan permusuhan.

Giri Lusi, Janma tan Kena Ingina

Giri Lusi, Janma tan Kena Ingina

Tegese senajan mlarat (katone mlarat) nanging manungsa kaya ngono ora kena diina (disepelekake, dianggep asor). Ngina sapadha-padhaning titah mujudake patrap kang ora becik. Awit kabeh manungsa sejatine padha. Dene sing mbedakake siji lan sijine mung amal panggawene dhewe-dhewe.
Unen-unen iki tujuwane nuturi, aja nganti ndeleng (mbiji) manungsa saka babagan sing kasat mripat wae. Jalaran yen mung nganggo landhesan sing katon, salah-salah bisa kepleset. Durung mesthi wong sing nyandhang panganggone nglomprot iku wong mlarat. Bisa uga dheweke seniman kondhang, omahe magrong-magrong, mobile jejer-jejer, lukisane pengaji atusan yuta.
Conto liyane kayata ana sing sugih lan pinter, ana sing senenge lelaku. Wong kasebut njajah desa milang kori, blusukan ing desa-desa, panganggone wong kasebut ya mung sakanane. Ndilalah wong mau disepelekake dening wong liya, hara wong sing nyepelekake mau apa ora keweleh. Ing tanah Jawa uga ana paribasan liya sing ngelingake supaya ngati-ati mbiji wong liya, sapa ngerti wong mau kayadene bathok bolu isi madu. Sajake wong mau ora mbejaji, nanging duwe katiyasan ngedab-edabi sing ora dikatonake.

Giri Lusi, Janma tan Kena Ingina
Artinya jangan gampang menghina orang yang tampaknya miskin atau berpenampilan sederhana. Suatu peringatan bahwa orang itu bisa saja berbeda antara isi dan penampilannya. Apabila dilihat dari luar (penampilan) mungkin akan keliru karena banyak orang suka menyembunyikan (menyimpan) kemampuannya yang ternyata jauh berbeda dengan apa yang tampak.
Peribahasa ini berisi nasihat, jangan suka menilai orang berdasarkan penampilannya atau dari segala sesuatu yang tampak saja. Jika hanya berdasarkan hal-hal yang kasat mata saja, salah-salah bisa keliru. Misalnya, belum tentu orang yang berpakaian lusuh adalah orang miskin. Sebenarnya bisa saja dia adalah seniman tenar, rumahnya mewah, mobilnya banyak, lukisannya berharga sampai ratusan juta.

Ada pula kisah seorang yang kaya dan pandai yang suka berlaku prihatin. Orang itu keluar-masuk desa-desa hanya mengenakan pakaian sederhana. Kebetulan orang itu diremehkan orang lain, tentu orang yang meremehkan tersebut akan terkecoh. Oleh karena itu, menilai orang harus berhati-hati. Siapa tahu mereka ibarat bathok bolu isi madu, tempurung kelapa yang jelek tetapi isinya madu di dalamnya. Buruk di luar, tetapi menyembunyikan “kekayaan” besar di dalam pribadinya.

Sunday, 13 December 2015

Gajah Ngidak Rapak

Tegese gajah ngidak-idak godhong tebu garing. Gajah mujudake lambang pemimpin, dene rapak mujudake lambang omongane dhewe. Maknane paribasan kasebut mujudake sindiran tumrap pemimpin kang ora bisa netepi janji utawa seneng nglanggar tatanan kang digawe dhewe.
Pemimpin dianggep wong gedhe lan dipadhakake gajah. Mula yen nganti kewan semono gedhene ngidhak-idak rapak (rapah), sing jeneng rapak mesthi remuk ora karuwan wujude. Semono uga pemimpin, yen nganti mblenjani janji utawa nglanggar tatanan sing digawe dhewe, prasasat kaya gajah ngidak-idak rapak. Janji lan tatanan dadi ora ana tegese maneh lan tebe mburine sing rugi rakyate.

Gajah Ngidak Rapak

Artinya gajah menginjak-injak daun tebu kering. Gajah merupakan simbol pemimpin, sedangkan rapak (daun tebu yang sudah kering) simbol dari ucapannya sendiri. Peribahasa ini menjadi sindiran untuk pemimpin yang tidak konsekuen atas apa yang telah dijanjikan atau suka melanggar aturan yang telah dibuat sendiri.
Di Jawa, pemimpin dianggap orang besar dan disamakan dengan gajah. Jika binatang sebesar itu sampai menginjak daun-daun kering (rapak), tentu daun-daun itu remuk tak berbentuk lagi. Demikian pula seorang pemimpin, jika sampai mengingkari janji atau melanggar aturan yang dibuatnya sendiri, yang terjadi ibarat gajah menginjak rapak. Janji dan peraturan tidak ada gunanya lagi dan ujung-ujungnya yang akan dirugikan adalah rakyat.

Ewuh Aya ing Pambudi

Tegese angel anggone nemtokake apa kang kudu ditindakake. Paribasan kasebut nggambarake wong kang bingung nemtokake pilihan. Bingunge wong mau ora amarga bodho, pilihan kang mung sethithik utawa ora kuwawa ninsakake, nanging jalaran apa wae kang ditindakake bakal nuwuhake perkara anyar sing abot.

Ewuh Aya ing Pambudi
Artinya sulit menentukan tindakan apa yang harus dilakukan. Ini adalah gambaran orang yang sulit menentukan pilihan. Kesulitan atau kebingungan tersebut muncul bukan karena yang bersangkutan bodoh, bukan karena pilihan yang terbatas, bukan pula karena tidak mampu melaksanakan. Namun karena setiap tindakan yang dilakukan akan membawa masalah baru yang cukup merepotkan.

Saturday, 12 December 2015

Durung Punjul Keselek Jujul, Durung Pecus Keselak Besus

Tegese durung kebak ngelmune kesusu kepengin katon linuwih, durung mumpuni kesusu mbagusi. Sindiran kasebut ketujokake tumrap wong sing kepengin enggal katon moncer (kawentar), ora ketang ngelmu, ketrampilan, apadene kapribadene durung nyukupi babar pisan. 
Patrap kaya unen-unen iki aja ditiru, jalaran yen dilakoni bakal dadi rekasanane liyan. Awit suwening suwe kabeh mesthi konangan, apa kang dipamerake durung mesthi kebukten. Nyatane bareng diuji, asil karyane durung mbejaji.

Durung Punjul Keselek Jujul, Durung Pecus Keselak Besus
Durung Punjul Keselek Jujul, Durung Pecus Keselak Besus

Artinya belum tuntas menuntut ilmu terburu-buru ingin terlihat berilmu, belum memiliki kemampuan memadai ingin segera terlihat pandai. Hal tersebut adalah sindiran bagi orang yang ingin segera terlihat terkenal dan unggul, meskipun ilmu, kemampuan, ataupun kepribadiannya sama sekali belum memenuhi syarat.
Perbuatan seperti dalam peribahasa ini jangan ditiru karena jika dilakukan bakal menjadi bahan omongan orang. Lama-kelamaan semuanya pasti akan ketahuan, bahwa kemampuan yang digembar-gemborkan itu omong kosong belaka. Terbukti ketika sekali waktu diuji, hasilnya sangat jauh dari memuaskan.