Tegese lambe
sakandele tumang sidane mung kari samerang. Yen dionceki, lambe kandel satumang
mono ora ana. Banjur kepriye kok lambe kari samerang uga mokal banget? Mula,
gegambaran lelorone mau mung mujudake perlambang. Lambe satumang maknane
lambene wong tuwa (para winasis) kang nyimpen pitutur ora karuwan cacahe. Dene
sing diarani lambe kari samerang, wong tuwa rumangsa kentekan rembug, kentekan
pitutur, awit sing dituturi babarpisan ora nggatekake.
Ndhisik paribasan
iki kerep diucapake wong tuwa sing jengkel, jalaran anake dituturi ora manut.
Pitutur sing diwenehake prasasat mlebu kuping kiwa, metu kuping tengen. Tegese,
mung liwat. Siji-sijiya ora ana sing nyanthol. Dikandhani nrithil, semaure iya,
inggih. Nanging inggih-inggih ora kepanggih. Contone dikandhani aja turu awan,
turunr pindah menyang kebon. Diajari makarya, malah lunga dolan omahe kanca
nganti sore. Kamangka dheweke iku bocah lanang, gek wis diwasa pisan. Yen
ngalami kaya ngono, karo setengah muring sing jeneng wong tuwa sok grenengan
dhewe: “Bocah kok ngentekake lambe. Lambe satumang kari samerang . . . .”
Lambe
Satumang Kari Samerang
Artinya bibir
setebal tumang (ganjal bibir dapur) tinggal setebal merang
(gagang padi). Kita tahu bibir setebal ganjal bibir dapur tentu tidak ada.
Demikian pula, bibir yang tinggal setipis gagang padi juga mustahil adanya.
Maka, kedua gambaran tersebut hanya merupakan perumpamaan. Bibir setebal tumang
berarti bibir atau lisan orang tua yang berisi nasehat yang tidak terhitung banyaknya.
Adapun yang dimaksud bibir tinggal setebal gagang padi yaitu orang tua merasa
kehabisan kata-kata, kehabisan nasehat, dan anak yang diberi nasehat tidak
menaatinya.
Dahulu peribahasa
ini sering diucapkan oleh orang tua yang jengkel karena nasehat-nasehatnya
hanya dianggap angin lalu oleh anaknya. Seluruh nasehat yang diberikan ibarat
masuk di telinga kiri, keluar lewat telinga kanan. Semuanya hanya lewat. Tidak
satu pun nasehat yang singgah di kepala. Dinasehati, jawabannya memang selalu
“Ya”. Akan tetapi, “ya” tersebut hanya berhenti sebatas kata-kata. Misalnya
dilarang tidur siang, tidurnya pindah ke kebun. Diajari bekerja, malah pergi
berkunjung ke rumah teman sampai sore hari. Padahal, yang bersangkutan adalah
anak laki-laki, yang sudah dewasa pula. Bila mengalami kejadian demikian,
dengan setengah memaki, kadang para orang tua menggerutu. “Bocah kok
ngentekake lambe. Lambe satumang kari samerang . . . .”
No comments:
Post a Comment