Wednesday 21 September 2016

Manungsa winenang ngundi, purba wasesa ing astane Gusti



Tegese manungsa mung bisa nyenyuwun lan mbudidaya, kasil orane kabeh gumantung saka kersane Gusti Kang Maha Kuwasa. Unen-unen iki mujudake salah sijine bukti menawa wong Jawa tansah eling menyang Gusti kang paring urip. Wong iku tansah nduweni kapitayan ngenani sangkan paraning dumadi adhedhasar ajaraning agama sing dianut.
Kapitayan kayadene sing kawedharake dening paribasan iki isih mbalung sungsum tumrap wong Jawa. Senadyan mbok menawa lali unen-unene, nanging wawasan lan patrape tansah ngugemi ajaran mau. Buktine akeh paribasan liya kang sejatine ana sambung rapete karo ajaran iki. Contone alon-alon waton kelakon, kebat kliwat, ngangsa marakake brahala, sabar-subur, ana dina ana upa, ora obah ora mamah. Kanthi mangkono, cetha menawa wong Jawa ora nate ninggalake pranatan batin kang wis ngoyod wiwit jaman kuna makuna. Kaya ta paribasan iki, obah osiking ngalam donya ana sing nata. Ananging manungsa iku uga dudu wayang. Dheweke diparingi akal budi, saengga bisa ngerteni apa kang ora dingerteni makhluk-makhluk liyane. Contone, sepira anggone ndhandha menawa uripe manungsa iku mung saderma, lan kabeh gumantung saka Kang Gawe Urip, kayadene sing kacihana ing paribasan iki.

Manungsa winenang ngundi, purba wasesa ing astane Gusti

Manungsa winenang ngundi, purba wasesa ing astane Gusti

Artinya manusia hanya bisa berdoa dan berusaha, berhasil tidaknya semua tergantung kehendak Tuhan Yang Mahakuasa. Peribahasa ini merupakan salah satu bukti bahwa orang Jawa selalu ingat kepada Tuhan Sang Maha Pemberi Hidup. Orang Jawa selalu memiliki kepercayaan mengenai asal mula keberadaan diri mereka dan tempat mereka bergantung, berdasarkan ajaran agama masing-masing.

Kepercayaan seperti dalam peribahasa ini masih mendarah daging dalam kehidupan oeang-orang Jawa. Meskipun lupa kalimatnya yang benar, pengetahuan dan perilaku keseharian mereka selalu setia dengan ajaran tersebut. Terbukti, banyak peribahasa lain yang terkait dengan peribahasa ini. Misalnya, alon-alon waton kelakon, kebat-kliwat, ngangsa marakake brahala, sabar subur, ana dina ana upa, ora obah ora mamah. Dengan demikian, jelaslah bahwa orang Jawa tidak pernah meninggalkan religiusitas yang sudah mengakar sejak zaman nenek moyang. Contohnya peribahasa ini, yang berarti kesadaran bahwa segala denyut kehidupan di dunia ini ada yang mengatur. Walaupun begitu, toh manusia bukan wayang. Mereka dibekali akal budi sehingga mampu mengetahui banyak hal yang tidak diketahui oleh makhluk-makhluk lain. Contohnya, bagaimana memunculkan kesadaran bahwa kehidupan manusia itu semata-nata tergantung kepada Sang Pencipta, seperti termaktub dalam peribahasa ini.

1 comment: