Monday 7 November 2016

Mikul dhuwur mendhem jero

Mikul dhuwur mendhem jero
Tegese mikule didhuwurake, anggone mendhem dijerokake. Unen-unen iki mujudake pitutur murih sapa wae gelem ngajeni lan ngurmati wong tuwa sing wis ngukir jiwa ragane awake dhewe. Dene carane ngurmati mau ora mung rikala urip wae, nanging uga tekan patine.

Sing diarani mikul dhiwir yaiku ngajeni wong tuwa sadhuwur-dhuwure. Digambarake nalika ngusung jenazah. Kudu dipikul, ora kena digotong kayadene mindhah wong turu. Maknane, kabeh jasane wong tuwa kudu dikatonake, diajeni temenan. Pituture diugemi, pawenehi diuri-uri. Awit ngendi ana wong tuwa duwe pamrih nalika menehi marang anake. Mula si anak uga kudu ngemen-emenake sadhengah warisane. Dene sing diarani mendhem jero, bisa dideleng saka anggone ngubur jenazah. Paling sithik olehe ngubur jenazah kudu sadedeg sapengawe. Ora kena olehe ngubur jenazah mung sedhengkul, ora ilok yen mung waton dipendhem. Awit jasade manungsa yen wis bosok bakal mambu. Lha yen anggone ngubur cethek, urugane amblong, bisa wae ambune sumebar menyang ngendi-endi. Werdine, gandheng mung titah sawantah wong tuwa uga nduweni dosa luput ing alam donya. Ngerti kaya ngono prayogane si anak kudu “mendhem” dosa luput mau kanthi rapet. Aja malah mbeberake menyang liyan. Yen nganti mbeberake, patrap kaya ngono kena diarani patrap anak kang durhaka.

Mikul dhuwur mendhem jero
Artinya memikul ntinggi, mengubur dalam-dalam. Peribahasa ini adalah nasihat agar siapa pun mau menghargai dan menghormati orang tua yang telah mendidik dan membesarkan jiwa dan raga kita. Adapun penghormayan tersebut tidak hanya diberikan ketika mereka masih hidup, tetapi juga setelah mereka tiada.


Mikul dhuwur (memikul dengan tinggi) berarti menghargai orang tua setinggi-tingginya. Gambarannya seperti ketika memikul jenazah. Jenazah harus dipikul, bukan digotong seperti mengangkat orang dari tidurnya. Maknanya seluruh jasa orang tua harus ditujukkan, sungguh-sungguh dihargai. Nasihat mereka ditepati, pemberian mereka dijaga baik-baik. Tidak ada orang tua yang memberi sesuatu dengan tidak ikhlas. Maka si anak juga harus memulikan warisan dari orang tua sebaik mungkin. Adapun yang disebut dengan mendhem jero (mengubur dalam-dalam), dapat dilihat dari cara orang mengubur jenazah. Paling tidak, kedalaman lubang kubur adalah setinggi tubuh posisi berdiri. Tidak boleh mengubur jenazah hanya selutut, karena tidak layak jika mayat dikubur asal-asalan saja. Mayat itu nantinya akan busuk dan berbau. Jadi, jika hanya dikubur di dalam lubang yang dangkal, lalu timbunan tanah makam itu melesak, bisa saja bau busuk bertebaran ke mana-mana. Maknanya, orang tua juga hanya makhluk alias ciptaan Allah, orang tua juga memiliki dosa dan salah ketika hidup di dunia. Dengan pemahaman seperti itu, seyogyanya si anak “mengubur” aib orang tua. Bukannya malah membeberkan ke mana-mana. Jika demikian, dapat disebut perbuatan anak durhaka.

Melik Nggendhong Lali

Melik Nggendhong Lali
Tegese sapa wae kang kegedhen melik (pepenginan, pamrih) menyang samubarang kalir, gampang anggone nrajang angger-angger lan wewaler. Sing diarani melik beda karo kepengin. Kepengin ora beda karo angen-angen, gegayuhan, idham-idhaman. Melik kepetung luwih ngangsa, luwih notol, lan yen kepepet wong kang nduweni melik bakal nglakoni cara apa wae. Mula ora maido yen wis diarani melik, kamangka angel kelakone, kepeksane kudu nyolong ora ana alane. Kepeksane ngrebut uga bakal ditindaki.
Sapa wae kang duwe mwlik, mesthi atine kebak hawa nepsu. Nalare buntu lan pikiran emati. Kadang rasa kamanungsane uga ilang. Ancas tujuwane mung kepriye supaya sing dimelik mau enggal kecekel. Mula ora maido yen wis kaya ngono patrap lan angen-angen prasasat kepanjingan setan. Njaluk ora isin, nyolong ora perlu mengko-mengko. Tatanan, angger-angger, wewaler, kamanungsan, rak mung akal-akalane manungsa. Kabeh bisa disuwak, dibuwang, dipidak sangisoring dlamakan sikil. Kabeh ora perlu, sing perlu kepriye niyate bisa kaleksanan.

Melik Nggendhong Lali
Artinya menginginkan sesuatu secara berlebihan akan menggendong lupa atau siapa pun yang terlalu besar melik (keinginan, pamrih) akan sesuatu, ia akan mudah melanggar tata aturan dan norma. Melik berbeda dengan keinginan. Keinginan sama dengan angan-angan, cita-cita. Melik bersifat lebih keras, lebih parah, dan jika sudah terpaksa, orang yang memiliki melik akan melakukan cara apapun. Tidak heran, jika sudah sampai taraf melik, padahal sesuatu yang dimeliki tersebut sulit tercapai, orang yang ber-melik akan menganggap tidak ada salahnya untuk mencuri. Bila terpaksa harus merebut, ia juga akan melakukannya.

Siapapun yang memiliki melik (keinginan berlebihan), pasti hatinya penuh hawa nafsu. Nalar macet, akal buntu, rasa kemanusiaan juga lenyap. Yang dikejar Cuma satu, yaitu bagaimana agar yang diinginkan itu secepatnya dapat diraih. Jika sudah pada posisi demikian, tidak mengherankan bila ia seolah-olah kerasukan setan. Meminta juga tidak merasa malu, mencuri juga boleh. Segala cara dihalalkan. Toh, yang namanya aturan, batasan, kemanusiaan, hanyalah buatan manusia. Semua bisa diubah, dibuang, diinjak di bawah telapak kaki. Saat itu, semua menjadi tidak perlu karena yang perlu hanyalah bagaimana melik-nya bisa tercapai.

Wednesday 21 September 2016

Mburu uceng kelangan deleg

Tegese ngeboti barang kang kepetung cilik lan ora mbejaji, sidane kelangan darbeke sing gedhe ajine lan migunani. Paribasan iku nggambarake wong kang kepilut dening barang utawa kahanan kang sejatine remeh-remeh, banjur anggone ngupadi tenanan lan ninggal kaprayitnan. Ora ketang sing diimpi-impi mau kaleksanan, nanging tomboke uga gedhe. Kepeksa kelangan (ngorbanake) barang darbeke sing banget migunani.
Yen dijlentrehake, unen-unen iki gambarane mangkene. Ana uwong mancing ing kali. Sejatine anggone mancing wis entuk akeh, ana lele, sepat, mujair, lan wader. Ananging uwong mau durung marem. Dheweke durung trima, awit meruhi uceng rada gedhe slira-sliri sajak ngawe-awe. Cilakane, bareng arep dipancing uceng mau malah ngadoh. Diburu menyang papan liya, uceng nglali ngadoh. Saking ngebete, ora sranta kali disrabangi. Ora ngertiya ing dhasare kali ana carang pring ori. Bareng kepidak, wong iku pringisan karo sikile diangkat. Gandheng setengah kaget, anggone ngangkat sikil rada kesusu. Mula oleh-olehane wong iku iya mung kepleset kecegur kali, kamangka iline lumayan santer. Iwak serenteng kontal, keri mbandhang ora bisa ditututi. Karo mentas, yen isih ngenggoni Jawane, dheweke mesthi kelingan paribasan iki: mburu uceng dadi kelangan deleg.



Mburu uceng kelangan deleg tegese

Mburu uceng kelangan deleg

Artinya memburu uceng (ikan kecil berbentuk seperti lele, berwarna hitam), tetapi malah kehilangan tongkat untuk menyebrangi sungai atau mengejar sesuatu yang sepele dan tidak berharga. Akibatnya, kehilangan miliknya yang jauh lebih berharga dan bermanfaat. Hal ini adalah gambaran orang yang terpukau pada hal yang sebenarnya remeh belaka dan memburunya dengan meninggalkan kehati-hatian. Walaupun apa yang diidamkan tadi tercapai, tetapi kerugian lebih besar.

Contoh konkret kisah dalam peribahasa ini, misalnya ada seseorang memancing di sungai. Sebenarnya hasil memancingnya lumayan banyak, ada ikan lele, sepat, mujahir, dan wader. Namun orang itu belum merasa puas karena ia melihat ikan uceng agak besar berlalu lalang seolah menggoda orang itu. Sialnya, begitu hendak dipancing, ikan itu malah menjauh. Dikejar di sini, ikan tersebut berenang ke tempat lain. Dikejar ke sana, ikan tersebut pindah ke tengah. Tidak tahan dipermainkan seperti itu, sungai pun ia sebrangi. Tidak tahunya di dasar sungai ada ranting-ranting bambu duri. Begitu duri tersebut terinjak, orang itu meringis kesakitan dan kakinya diangkat. Karena kaget itulah ia mengangkat kaki dengan ceroboh. Ia terpeleset, lalu serta merta tercebur ke sunai, padahal arusnya lumayan deras. Ikan serenteng yang ditenteng terlempar, hanyut terbawa arus tidak terkejar lagi. Apabila karakter kejawaan orang tersebut masih kuat, sambil naik menuju darat ia pasti segera teringat peribahasa ini: Mburu uceng kelangan deleg.

Manungsa winenang ngundi, purba wasesa ing astane Gusti



Tegese manungsa mung bisa nyenyuwun lan mbudidaya, kasil orane kabeh gumantung saka kersane Gusti Kang Maha Kuwasa. Unen-unen iki mujudake salah sijine bukti menawa wong Jawa tansah eling menyang Gusti kang paring urip. Wong iku tansah nduweni kapitayan ngenani sangkan paraning dumadi adhedhasar ajaraning agama sing dianut.
Kapitayan kayadene sing kawedharake dening paribasan iki isih mbalung sungsum tumrap wong Jawa. Senadyan mbok menawa lali unen-unene, nanging wawasan lan patrape tansah ngugemi ajaran mau. Buktine akeh paribasan liya kang sejatine ana sambung rapete karo ajaran iki. Contone alon-alon waton kelakon, kebat kliwat, ngangsa marakake brahala, sabar-subur, ana dina ana upa, ora obah ora mamah. Kanthi mangkono, cetha menawa wong Jawa ora nate ninggalake pranatan batin kang wis ngoyod wiwit jaman kuna makuna. Kaya ta paribasan iki, obah osiking ngalam donya ana sing nata. Ananging manungsa iku uga dudu wayang. Dheweke diparingi akal budi, saengga bisa ngerteni apa kang ora dingerteni makhluk-makhluk liyane. Contone, sepira anggone ndhandha menawa uripe manungsa iku mung saderma, lan kabeh gumantung saka Kang Gawe Urip, kayadene sing kacihana ing paribasan iki.

Manungsa winenang ngundi, purba wasesa ing astane Gusti

Manungsa winenang ngundi, purba wasesa ing astane Gusti

Artinya manusia hanya bisa berdoa dan berusaha, berhasil tidaknya semua tergantung kehendak Tuhan Yang Mahakuasa. Peribahasa ini merupakan salah satu bukti bahwa orang Jawa selalu ingat kepada Tuhan Sang Maha Pemberi Hidup. Orang Jawa selalu memiliki kepercayaan mengenai asal mula keberadaan diri mereka dan tempat mereka bergantung, berdasarkan ajaran agama masing-masing.

Kepercayaan seperti dalam peribahasa ini masih mendarah daging dalam kehidupan oeang-orang Jawa. Meskipun lupa kalimatnya yang benar, pengetahuan dan perilaku keseharian mereka selalu setia dengan ajaran tersebut. Terbukti, banyak peribahasa lain yang terkait dengan peribahasa ini. Misalnya, alon-alon waton kelakon, kebat-kliwat, ngangsa marakake brahala, sabar subur, ana dina ana upa, ora obah ora mamah. Dengan demikian, jelaslah bahwa orang Jawa tidak pernah meninggalkan religiusitas yang sudah mengakar sejak zaman nenek moyang. Contohnya peribahasa ini, yang berarti kesadaran bahwa segala denyut kehidupan di dunia ini ada yang mengatur. Walaupun begitu, toh manusia bukan wayang. Mereka dibekali akal budi sehingga mampu mengetahui banyak hal yang tidak diketahui oleh makhluk-makhluk lain. Contohnya, bagaimana memunculkan kesadaran bahwa kehidupan manusia itu semata-nata tergantung kepada Sang Pencipta, seperti termaktub dalam peribahasa ini.

Manjing Ajur-ajer

Tegese ambyur nyawiji menyang ombyaking masyarakat. Maknane, urip ing satengahe bebrayan ora kena nggugu karepe dhewe, nanging kudu ngumumi apa kang dadi adat tata cara ing papan kono. Tanpa bisane nyawiji menyang ombyaking wong akeh, anggone urip ing kono prasasat lumut tuwuh ing sanduwure watu. Yen rendheng urip, yen ketiga mati garing.
Gegambarane manjing ajur-ajer kayadene kumpule iwak, yuyu, anggang-anggang, lan kewan-kewan banyu liyane menyang kali. Kabeh kewan iku ora padha, nanging urip sayuk rukun. Kabeh kewan iku golong gilig mangun patembayatan selawase. Samubarang sing padha dicakake padha, sing beda digawe pasren reroncen maneka werna murih rengenging kahanan. Kanthi mengkono, sesrawungan siji lan sijine bakal gayeng, raket supeket, prasasat sedulur sinarawedi. Semono mau awit siji lan sijine bisa manjing ajur-ajer, momor-momot, nggendhong nyunggi wong liya kayadene awake dhewe.

Manjing Ajur-ajer

Artinya menyatu dan menyesuaikan diri dengan lingkungan. Maknanya, untuk hidup di tengah masyarakat tidak boleh menuruti kemauan sendiri, tetapi harus mengikuti adat dan tata cara setempat. Tanpa berhasil menyatu dengan lingkungan, hidup tidak ubahnya lumut di atas batu. Pada musim hujan tumbuh menghijau, pada musim kemarau kering kerontang.

Peribahasa ini dapat diandaikan sebagaimana ikan, kepiting, anggang-anggang, dan binatang-binatang air lainnya yang dihup di sungai. Meskipun semua binatang itu berbeda, tetapi selalu damai. Semua seiya sekata membangun komunitas yang serasi sepanjang waktu. Semua yang sama dilaksanakan bersama-sama, yang berbeda dijadikan semacam karangan bunga guna menyemarakkan suasana. Dengan demikian, pergaulan satu sama lain akan terjalin dengan hangat, rekat, ibarat saudara sedarah daging. Hal yang demikian bisa terjadi karena satu sama lain bisa manjing ajur-ajer, momor-momot, menggendong, dan mendukung orang lain seperti halnya menggendong dan mendukung diri sendiri.

Saturday 26 March 2016

Lambe Satumang Kari Samerang


        Tegese lambe sakandele tumang sidane mung kari samerang. Yen dionceki, lambe kandel satumang mono ora ana. Banjur kepriye kok lambe kari samerang uga mokal banget? Mula, gegambaran lelorone mau mung mujudake perlambang. Lambe satumang maknane lambene wong tuwa (para winasis) kang nyimpen pitutur ora karuwan cacahe. Dene sing diarani lambe kari samerang, wong tuwa rumangsa kentekan rembug, kentekan pitutur, awit sing dituturi babarpisan ora nggatekake.
      Ndhisik paribasan iki kerep diucapake wong tuwa sing jengkel, jalaran anake dituturi ora manut. Pitutur sing diwenehake prasasat mlebu kuping kiwa, metu kuping tengen. Tegese, mung liwat. Siji-sijiya ora ana sing nyanthol. Dikandhani nrithil, semaure iya, inggih. Nanging inggih-inggih ora kepanggih. Contone dikandhani aja turu awan, turunr pindah menyang kebon. Diajari makarya, malah lunga dolan omahe kanca nganti sore. Kamangka dheweke iku bocah lanang, gek wis diwasa pisan. Yen ngalami kaya ngono, karo setengah muring sing jeneng wong tuwa sok grenengan dhewe: “Bocah kok ngentekake lambe. Lambe satumang kari samerang . . . .”

Lambe Satumang Kari Samerang

      Artinya bibir setebal tumang (ganjal bibir dapur) tinggal setebal merang (gagang padi). Kita tahu bibir setebal ganjal bibir dapur tentu tidak ada. Demikian pula, bibir yang tinggal setipis gagang padi juga mustahil adanya. Maka, kedua gambaran tersebut hanya merupakan perumpamaan. Bibir setebal tumang berarti bibir atau lisan orang tua yang berisi nasehat yang tidak terhitung banyaknya. Adapun yang dimaksud bibir tinggal setebal gagang padi yaitu orang tua merasa kehabisan kata-kata, kehabisan nasehat, dan anak yang diberi nasehat tidak menaatinya.

        Dahulu peribahasa ini sering diucapkan oleh orang tua yang jengkel karena nasehat-nasehatnya hanya dianggap angin lalu oleh anaknya. Seluruh nasehat yang diberikan ibarat masuk di telinga kiri, keluar lewat telinga kanan. Semuanya hanya lewat. Tidak satu pun nasehat yang singgah di kepala. Dinasehati, jawabannya memang selalu “Ya”. Akan tetapi, “ya” tersebut hanya berhenti sebatas kata-kata. Misalnya dilarang tidur siang, tidurnya pindah ke kebun. Diajari bekerja, malah pergi berkunjung ke rumah teman sampai sore hari. Padahal, yang bersangkutan adalah anak laki-laki, yang sudah dewasa pula. Bila mengalami kejadian demikian, dengan setengah memaki, kadang para orang tua menggerutu. “Bocah kok ngentekake lambe. Lambe satumang kari samerang . . . .”

Kuntul diunekake dhandhang, dhandhang diunekake kuntul

Kuntul diunekake dhandhang, dhandhang diunekake kuntul

            Tegese cetha-cetha manuk kuntul kok diarani manuk gagak, dene manuk gagak malah diarani manuk kuntul. Sejatine mbedakake manuk kuntul lan manuk gagak iku gampang. Wujude, wulune, pangane, sabane, kabeh beda, babar pisan ora ana empere. Tuladhane, manuk kuntul wulunw putih, manuk gagak wulune ireng. Manuk gagak pangane woh-wohan, manuk kuntul panganane iwak utawa cacing. Manuk gagak sabane tekan ngendi-endi, manuk kuntul mung sakiwa tengene sawah utawa kali. Mula, yen nganti manuk kuntul diunekake manuk gagak, utawa manuk gagak diarani manuk kuntul, mesthi sing ngomong mau duwe karep kang nyalawadi.
            Sapa wae kang duwe patrap kaya dene paribasan iki cetha yen mengku karep kang dudu sabenere. Awit anggone kandha ora adhedhasar kasunyatan. Manuk kuntul lan manuk gagak mung didadekake pralambang, lan sing dituju dudu manuk kuntul lan gagak mau, naning sawijining kahanan kang sengaja digawe wadi (didhelikake). Kanthi mengkono, maknane paribasan iki ora liya mujudake pocapan kang ngemot sandi.

Kuntul diunekake dhandhang, dhandhang diunekake kuntul

Artinya sudah jelas burung bangau kok dikatakan burung gagak, sedangkan burung gagak malah dikatakan sebagai burung bangau. Sebenarnya, membedakan antara burung bangau dengan burung gagak itu mudah. Bentuk, warna bulu, dan makanannya, semua berbeda, sama sekali tidak ada yang sama. Contohnya, burung bangau berbulu putih, burung gagak berbulu hitam. Burung gagak memakan buah-buahan, burung bangau memakan ikan atau cacing. Burung gagak berkeliaran ke mana-mana, burung bangau hanya di sekitar sawah atau sungai. Oleh karena itu, jika burung bangau sampai dikatakan sebagai burung gagak atau burung gagak disebut sebagai burung bangau, pasti orang yang mengatakan itu mempunyai maksud-maksud tertentu yang mencurigakan.

Siapa pun yang bersikap seperti gambaran di peribahasa ini, jelaslah dia membawa niat yang tidak wajar. Karena dia berkata tidak berdasarkan kenyataan. Burung bangau dan burung gagak hanya dijadikan simbol atas hal-hal tertentu, sedangkan yang dimaksud sesungguhnya bukanlah burung bangau dan burung gagak tadi, melainkan hal-hal yang sengaja dirahasiakan. Dengan demikian, makna peribahasa ini tak lain hanya merupakan ucapan yang mengandung sandi.